Mohon tunggu...
Aning ummuHanina
Aning ummuHanina Mohon Tunggu... Wiraswasta - Member Revowriter Nganjuk

Belajar, belajar dan terus belajar

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Mati (Serial Keluarga Mak Ti)

17 September 2021   19:41 Diperbarui: 17 September 2021   19:45 505
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Jam 8, anak-anake Pak To wes podho bubuk. Pak To leyeh-leyeh neg lincak emper. Ngrungokne suara jangkrik neg kidul omah. Ancene omahe Pak To Mewah tur Melas. Mepet sawah tur mepet alas

Opo maneh lak usum rendeng, suarane tambah rame. Kodok-kodok neg sawah muni kabeh.

Mak Ti mari nurokne bocah-bocah, metu baturi pak To gowo kopi karo telo goreng. adem-adem maem telo goreng karo ngopi ancene enak tenan.

"Pak, monggo kopine..." mak Ti nyodorne kopi.

"Pak..pak.. sakne ya tonggone awake. Putrane Pak Lan kae.. umure jek enom wes dipundut Gusti Allah. Bocahe putih, duwur, ganteng. Jan emaan tenan." Mak Ti njupuk telo jek panas. Diolak alik neg tangan, kiwo tengen. Ben panase sudo.

"Yo ancen garise mbur sak mono dik, mati ki rahasiane Gusti Allah. Gak enek wong seng ngerti kapan gilirane mati. Yo iso ugo sesuk jatahe awake seng dipundut Gusti Allah." Pak To nyruput kopi ireng  seng diileng neg lepek bening.

"Ojo ngomong ngono to pak, aku durung siap ki.." mak Ti njiwit pak To

"Siap ra siap ki yo kudu siap dik. Gelem ra gelem yo kudu gelem. Eling po ra dawuhe Gusti Allah neg jero Al Quran?

...

Tiap-tiap yang bernyawa pasti akan merasakan mati.... (Q.S Al-Anbiya: 35)
lha masalah kapane awake dipundhut Gusti Allah, gak enek sing ngerti dek. Kejobo Allah. Mati kuwi ibarat koyok undian. Gak enek sing ngerti nomor undian e sopo seng metu."

"Iyo e pak, jare Yu Patmi penyiar radio kae yo ngono. Antri mati koyok undian, tapi hadiahe mati dudu sabun Daia".

"Mati ki yo gak iso dijaluk, yo gak iso dienyang, gak iso diundur. Nak wes jatahe ajal teko yo mesti mati. Sampean kelingan gak, tonggone awakke seng pengen mati ngombe obat pari kae. Lak gung wayahe mati, yo panggah gak mati. Paling nemen loro dadi kembang bayang. Mati ki yo gak ngenteni umur tuo, seng jek enom, bocah, bayi yo iso mati. Mati yo gak mesti loro dikek. Turu ae yo iso langsung mati."

"Iyo ya pak..." mak Ti manggut-manggut karo maem telo goreng.

"Seng dadi masalah dik, pas awake dipundhut Gusti Allah ki kahanan awake pas lagi opo? Pas awake nglakoni ibadah, opo pas nglakoni maksiat? Sebab awake gak ngerti, awake dipundhut dino opo, jam piro ne.

Bejo tenan lho dik tonggone awake ki kuwi, dipundhut Gusti Allah jalaran kecelakaan pas budal neng pondok ape golek ilmu. Wi kahanan seng insyaallah apik. 

Bedo karo wong-wong seng mati jalaran kecelakaan mobil Xenia dek wingi kae. Podo-podo kecelakaan neg dalane. Tapi kahanane olo dik, mergo mari ndem-ndeman, mari ngoplo. Wi mati seng olo, su'ul khotimah, na'udhubilah..." Pak To ngelus dodo.

"Lha terus awake kudu piye pak? Opo yo dino-dino isuk awan bengi kudu ibadah ngono? Lak yo ra kober tandang gawe to pak?" Mak ti nyeblek jingklong seng menclok neg klambi. Wes gae klambi dowo-dowo kok yo jek dirubung jingklong. Garai omah mewah

"Yo ra ngunu dik, maksute awake kudu ngati-ngati dik laku sak laku. Ojo sampe awake nglakoni maksiat. Seng disamari kuwi pas awake maksiat, ujug2 malaikat Izrail teko. Lak yo hoorrorr tenan too...
Dadi awake lak iso, opo ae seng awake lakoni kuwi kelebu ibadah."

"Carane..?"

"Carane to, opo ae seg awake lakoni diniati ibadah krono Gusti Allah. Sampean masak, umbah-umbah, momong lan liya-liyane diniati krana Allah Ta'ala. Waktune awake sing singkat ki neg ndunyo digae seng apik-apik ae. Penggean seng ala ditinggalne. Seng muspro gak usah dilakoni."

"Muspro seng piye pak?"

"Muspro seng gak enek manfaate tapi malah nambahi dosa. Yo kuwi penggeane emak-emak lak awan. Ngrumpi, rasan-rasan."

"Hehehe.. iyo e pak..
Rasan-rasane diganti ae pak.. ganti Ngopi ben dadi ibadah."

"Kok ngopi?" Pak To alise tempuk, batuke mengkeret gak ngerti maksude mak Ti.

"Iyo pak, Ngopi. Ngobrol Pemikiran Islam hehehe.." Mak Ti cekikikan.

"Cocok..." pak to ngangkat jempol loro.

"Wes ayo bubuk dik, wes bengi, wes adem.." Pak To ngadek mlebu omah.

Mak Ti nyusul neng mburi karo gowo piring adah telo.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun