.
Ing wening
kunjuk kaliyan kang Maha wisesa
keparingan pirsa
bilih badhe wonten ontran-0ntran
nami sanesipun goro-goro
ing babad tanah jowo
.
para kurawa jumawa
hanyebar salangkunging angkara
durjana handadosaken sambi kala
.
mugi mboten kasunyatan
mbok bilih Gusti paring pangapuro
keparingan welas asih marang kita sadaya
bangsa Indonesia tanah leluhur kawula
.
nopo kedhah mekaten
kagem lahiripun pemimpin bangsa aklami
ingkang sampun kasebat wonten serat lami
kaserat badhe wonten satria piningit
tan ndadosaken sarwa edipeni
.
Piwulan sanga wulan ingkang kramat
katah ingkang mboten remen kaliyan kahanan
dados taun ingkang langkung awerat
mugiyo Gusti paring kawelasan
amien...amien
.
*ontran-ontran = chaos
image: galerie.uckermann3.de