Mohon tunggu...
Amerul Rizki
Amerul Rizki Mohon Tunggu... -

Just an ordinary person... :)

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Kena Godha

7 Februari 2011   14:54 Diperbarui: 26 Juni 2015   08:49 172
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

WARNING : Yang gak ngerti bahasa Jawa, pasti cuman geleng-geleng mata XD

"Nalikane dek jaman semana,

Tresnamu setya lan tuhu

Anane mung tansah ngalembana

Jujur ora nate cidra

Mula aku tansah animbangi

Tresnamu ginawa mati

Ora ana lintang kang sumunar

Amung ndika pepujanku

Sliramu pamit tugas ngayahi

Mrih rahayuning sesami

Nggonku muji karya basuki

Suk kapan anggonmu bali?

Peteng dhedhet rasaning atiku

Bareng kaprungu kabarmu

Nyatane sing kondur mung layangmu

Ora liya kena goda..."

Aku krungu tembang kuwi diputer karo Mbak Eni. Ora weruh saka ngendi asale, dadaku ampeg. Sumringahe pasuryanmu nalika crita marang aku, ademe swantenmu sing bisa nggawe aku klepek-klepek, lan mripatmu sing ndamar kanginan, ora bakal bisa dak lalekake.

Kang Mas, ana ngendi sliramu sakiki? Opo iya, sliramu kena goda? Kanggo aku ora dadi masalah, Kang Mas. Amarga aku wus biasa ngingeti sliramu sing rajin jlalatan yen ngingeti wadon liya. Sanajan tresnaku marang sliramu iki ginawa mati, Kang Mas. Kaya jarene sinden sing nembang iku mau, amung ndika pepujanku.

Mula sakiki aku melu lunga, Kang Mas. Bocah telu kae dak tinggal, dak titipne marang Mbak Eni. Aku percaya kok, Mbak Eni bisa ngurus dhewe tanpa aku. Aku bakal nggoleki, menyang ngendi sliramu sesasi iki. Yen pancen sliramu kena goda, ora opo-opo, Kang Mas, aku lila. Kanggo aku, sing penting aku bisa nyawang esemu, lan ngerti yen awakmu ora kurang opo-opo. Sak bare kuwi, aku bakal terus mulih, Kang Mas.

Nanging, aduh, aku iki wus teka ngendi ya, Kang Mas? Ambune ora nguwati. Ning kono akeh eram sampahe. Dalanan ini uga sepi. Sepiii buanget. Ora ana manungsa, ora ana kewan sakliyane semut sing ngrubung panganan ning ngisor cagak listrik kae.

Eh, lha kae enek sing lagi golek panganan ning tumpukan sampah. Sapa ngerti iso dak takoni. Sukur-sukur yen dheweke nate ngerti sliramu, Kang Mas.

“Ngapunten, saged tangklet sekedap?”

Dheweke mandeg anggone golek-golek panganan. Terus madep menyang aku, ngingeti aku.

Duh Gusti… Sapa iki ya? Ck ck ck… Buaguse! Rasa-rasane ki wancine ora mlaku. Mandeg wae. Mripate kuwi lho… Ora kuwat aku. Aduh duh… Lha kok malah mesem?? Rasane awakku lemes. Jan, lemes tenan. Kaya-kaya balungane sikilku ki mrotoli kabeh.

“Inggih? Wonten punapa, Mbak?” Swarane… jan… ngombak banyu tenan… Ana angin alus sing mlebu atiku.

“Emmm…” E lha dalah, lha kok swaraku dhewe malah ilang? “Mboten wonten napa-napa. Ee… Badhe tangklet mawon, bilih kula badhe pados panganan, wonten pundi nggih sing celak?”

“Lha niku, wonten sampah. Biasane kathah sanget, Mbak. Wonten pitik, pindang, iwak laut. Wis, pokoke maknyus, Mbak!”

“Ooo…” Wis, ora opo-opo lah, pisan-pisan melu golek-golek panganan ning tempat sampah. Sing penting isih bisa ngingeti Cah Bagus ning ngarepku iki.

Dheweke nyolot ning tempat sampah. Aku uga melu nyolot.  Cah Bagus, nek nyeluk aku ojo Mbak to! Mbok ya Yayi utawa Dik ngono lho.

Eh, enek mobil liwat ning gang cilik iki. Tapi ana swara liya. Mobil iku lagi muter tembang.

“… Ora liya kena goda…”

Deg! Atiku kaya ditibani wesi pirang-pirang kintal. Kang Mas Subadut, awakmu lak senengane mangku wanita muda sampe nduwe anak punjul saka lima. Aku yo ora opo-opo ya, pisan-pisan kena goda pria liya. Piss ya, Kang Mas… ;)

Ngawi, 050910

*Pus Tower sing lagi nggoleki Subadut Mangku Wanita Muda, kucing sing paling uayu lan seksi sak kompleks... Heheheh.... XD

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun