Nggonku muji karya basuki
Suk kapan anggonmu bali?
Peteng dhedhet rasaning atiku
Bareng kaprungu kabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora liya kena goda..."
Aku krungu tembang kuwi diputer karo Mbak Eni. Ora weruh saka ngendi asale, dadaku ampeg. Sumringahe pasuryanmu nalika crita marang aku, ademe swantenmu sing bisa nggawe aku klepek-klepek, lan mripatmu sing ndamar kanginan, ora bakal bisa dak lalekake.
Kang Mas, ana ngendi sliramu sakiki? Opo iya, sliramu kena goda? Kanggo aku ora dadi masalah, Kang Mas. Amarga aku wus biasa ngingeti sliramu sing rajin jlalatan yen ngingeti wadon liya. Sanajan tresnaku marang sliramu iki ginawa mati, Kang Mas. Kaya jarene sinden sing nembang iku mau, amung ndika pepujanku.
Mula sakiki aku melu lunga, Kang Mas. Bocah telu kae dak tinggal, dak titipne marang Mbak Eni. Aku percaya kok, Mbak Eni bisa ngurus dhewe tanpa aku. Aku bakal nggoleki, menyang ngendi sliramu sesasi iki. Yen pancen sliramu kena goda, ora opo-opo, Kang Mas, aku lila. Kanggo aku, sing penting aku bisa nyawang esemu, lan ngerti yen awakmu ora kurang opo-opo. Sak bare kuwi, aku bakal terus mulih, Kang Mas.
Nanging, aduh, aku iki wus teka ngendi ya, Kang Mas? Ambune ora nguwati. Ning kono akeh eram sampahe. Dalanan ini uga sepi. Sepiii buanget. Ora ana manungsa, ora ana kewan sakliyane semut sing ngrubung panganan ning ngisor cagak listrik kae.
Eh, lha kae enek sing lagi golek panganan ning tumpukan sampah. Sapa ngerti iso dak takoni. Sukur-sukur yen dheweke nate ngerti sliramu, Kang Mas.