Mohon tunggu...
Amelya martha
Amelya martha Mohon Tunggu... Mahasiswa - Pelajar SMKN

Hobi membaca

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Kebudayaan Temanten Adat Jawa

25 September 2023   11:05 Diperbarui: 25 September 2023   18:58 1088
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
 https://pin.it/5pfQT0z

Adicara temanten adat jawa yaiku upacara sakral adat Jawa kang nduwe reroncen upacara lan tata cara kang wis pakem. 

upacara temanten nglambangake patemon antarane Penganten putri lan penganten kakung ing swasana kang mligi lan dilambangake dadi Pasangan raja lan ratu. Ngerembug babagan upacara manten, kang uga tegese "nduwe gawe" tataran kang bisa dilakoni. 

Tataran adicara kasebut dadi telu yaiku:

â‘ . Lamaran:

  •  Utusan
  •  Salar
  •  Hanotoni 
  •  Ngelamar
  •  Peningsed
  •  Liron kalpika

â‘¡. Tumpuke damel:

  •  Kumbokarnan
  •  Jonggalan 
  •  Pasang tarub lan tuwuhan
  •  Sasrahan 
  •  Siraman
  •  Paes
  •  Midodareni

â‘¢. Panggih utawa resepsi:

A. Srah-srahan lan ijab kabul, yaiku adicara Rehak kakung nyerahake uba rampe lan beaya kanggo nindakake resepsi. 

B. Balangan gantal suruh, suruh isi gambir lan injet dilinting ditaleni benang lawe putih kanggo balang-balangan manten lanang lan wadon. 

C. Ngindak tigan, tigan utauwa endhog ayam kapidak dening penganten kakung nganti pecah.

D. Pupuk, ibu Penganten putri ngusap-ngusap sirah/mustaka mantu kakung tandha ikhlas nampa manten kakung dadi bageyan keluwargane.

E. Sinduran, lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur.

f. Timbang, pinanganten sakloron lungguh ing pangkonan bapake penganten putri. 

G. Dhahar klimah, penganten sakton padha dene ndulang, cukup sega putih wae.

H. Mertui, wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung ing ngarep amah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi. 

I. sungkeman, pinanganten sakloron sung kein nyuwun pangestu marang wong tua kekalih. 

J. Mijiki sikil, manten wadon mijiki sikile manten lanang nganggo banyu setaman sing diwadahi bokor utawa pangaron cilik.

K. kanthen asta, yen ana wong loro napak pasangan (rakitan sapi utawa kebo), banjur lagi kanthen asta (gandhengan). 

L. Tampa kaya (kacur-kacur), tekan dhamparing penganten, manten lanang ngesok kaya ing kacu gedhe dening pangkone manten wadon.

Andhedhasar prastawa kang lumaku kasebut, adicara temanten adat Jawa klebu upacara sakral kang nduweni rerang kenan upacara. wiwit upacara saka utusan tumeka adicara panggih utawa kenduren. Tujuwan upacara panggih yaiku menehi donga becik marang kaping rong manten lan memantapkan dheweke kabeh jroning membina griya tangga.

iku wau sathithik andharan ngenani nikahan adat jawa kang tetep dilestarikake masarakat indonesia tekan wektu iki, matur nuwun sarta muga-muga manfaat amarga wis maca lan ngerteni tekan akir.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun