Sawah (04) Mergo Kahanan
Opo wis  kang wis tau ana  ing pendapa ngomah ngarep iki isih maahi kangen lan kebak panganan kang ora iso tak lalekno samubarang bab iki.
Sasi awal tahun 2022 kang iso ora iso aku kudu iiso bangkit maneh mrepegi tahun kang kudu tak lakoni kanti seneng.
Arep tak suntakno opo kang ana dada iki kabeh wong wis ngerti amung soko njobo ing dads lan ati iki isih koyo watu kang rasane nindih lan mbesesek ana ing dadaku. "Owah gingsir,mbiyen pada di singkang-singkang saiki dadi mulyo nduk ojo lali yen to pancen ngono anane lan umpomo urip kuwi sak umpomo koyo roda iso neng nduwur ugo iso neng ngisor"kandane simbok ing sentong naliko aku koyo ajur sak kabehe naliko iku.
Tresna kuwi ora gampang
:-
Koyo angin
Yen silir seger rasane
Marahi ngantuk
Amung yen koyo lesus
Kabeh dadi ambyar
Tresnaku marang sliramu
Koyo angin ing pinggir segoro
Yen  ombak gede angine melu gede
Yen ombake cilik bedo maneh
Kabeh wong iso ngrasake tresnaNe
Kang luwih gede soko tresno ne sopo wae
:....
Aku mbukak tulisan lawas kang isih kebak rasa kang aneh kuwi ning iki nyata anane, iki dudu apus-apusan wong tuwo marang anake kang ota gelem sarapan.
Iki ban tresnane simbok lan bapak kang wis iso nguwali kabeh bot rentenge petenge atiku.
"Wong tresna kuwi ora kudu nduweni sak lawase Wur"kandane Tini marang akuÂ
"Ning Tin iki rasa sikora sakbaene "jawabku naliko semana
"Cobo ojo njur kabeh tok simpen ing atimu yen di tinggal lungo atimu bakal  loro banget ",jebul bener kandane Tini marang aku dadi kasunyatan saiki.
Ana candake...
#sayyidj
#mohon maaf novel ini berbahasa jawaÂ
#salam kanggeh para sutresna sedayi