Sayyid jumianto
Yen to kabeh iku soko sambat sinebute sedulur, kang ana kiwo tengene omahku. Sambat yen omahe doyong, lang trocoh yen ana udan deres, ati kudi ikhlas ngewangi ora usah mikir abot kahanan iki sik ndadegake guyub kadang ndeso ing tlatahe simbok kene.
Opo kudu nunggu wong sambat  ora perlu ngene iki amergo wes koyo ngene kahanane.Â
Isih anget amergo virus corona akeh wong ora iso yen di tatagki dewe.
 Amergo akeh wong iseh keno nganti saiki durung reda lan wektu ambuktekake yen lelara iki iso di tanggulangi kanti gotong royong kabeh wong lan sik kawogan lan disipline awake dewe.
Bebarengan makaryo kanggo ngewangi liyan tanpa ngarep-ngarepke sembulih opo maneh duwit.
Saiki amung wes ana owah-owahan mbiyen pas simbah anggawe omah iseh akeh wong kang cancut taliwondo ora podo di tembungi wae banjur podo ubur langsung melu gotong royong.
Sambatan, gotong royong regeng maneh saiki amergp kahanan sik kudu kabeh wong ngadepi koyo masalah bencana alam, tanggo nduwe gawe (sripah) opo mantu (saiki wes padha nyilih gedung) dadi poro sinoman "koyo ora kanggo" ananging yen ana sripah pare anom wong nom noman iseh kanggo, lan anane musibah pageblug pandemi covid 19 iki malah saiki padha malik grembyang akeh wong kang ngumbulke sambatan lan gotong royong iki.
Pancen guyon parikeno ing pos rondo saiki rodo sudo amergo pageblug corona iki.Â
Amung saiki wong-wong kang mbiyen kumpul jagongan ing angkringan opoamaneh neng nggone wong nduwe gawe saiki padha pindah ing dunia maya ana ing grup WA, grup Telegram, lan grup media sosial liyane.Â
Iki sik mbedakake kahanan modern saiki karo tahun kepungkur tahun 1990an, 1980an bedo banget karo "istilah sambatan " model saiki malah soyo lucu saiki undangan jagong bayi opo yasinan dilewatke grup medsos nganti ngene iki saiki.
Wektu pancen wes bedo saiki karo mbiyen amung saiki kudu di gugah niat wong sambatan iki amergo "kesibukan" koyo kerjabakti wae saiki akeh wong pamit ing WA kuwi apik eleke media sosial saiki. Amung sambatan kuwi tetep perlu lan kudu di lestarikake.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI