Luh neng pipi iki  uwes entek
Al-sayyid jumianto
Aku ora ngerti  kahanan iki bubrah
amung sak kedepen moto
Ket wingi mendung wes nandakake yen udan bakal deres.
"para sedulur waspada"
Neng speker masjid. neng pertemuan ugo neng ndalan kabiwara ake.
"kang Paido ngungsi yok"
kandaku naliko kuwi
"ora..aman kene ora bakalan ono bebendu"
kandamu kanti pongah
kabeh uwong ngungsi
kabeh uwong lungo
saka ereng-ereng kono
"bondo iso digoleki"
"nyowo amung siji"
ujare lik sawiji
gumregah yen erengan kono bahaya
ono rekahan kondone ahli yoiku tondo arep longsor
udan sansayo deres mendung ngedibel dadi udan deres kabeh ngungsi neng balai deso
tak tiliki lik paino sak keluarga durung ketok
aku sms, nelpon ora diangkat
kabeh ndonga golek slamet
kalis ing sambikolo
ora nyono
isuk kuwi
kabeh kaget
lik paino sak keluwargane dadi " tumbal" tanah longsor
kabeh getun lan sedih
ngopo kok ngeyel
neng iki takdir
13112017
elinglanwaspadobebendualam