Mohon tunggu...
Sayyid Jumianto
Sayyid Jumianto Mohon Tunggu... Guru - Menjadi orang biasa yang menulis
Akun Diblokir

Akun ini diblokir karena melanggar Syarat dan Ketentuan Kompasiana.
Untuk informasi lebih lanjut Anda dapat menghubungi kami melalui fitur bantuan.

Menulis untuk perubahan yang lebih baik

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Bakul lombok

19 Oktober 2016   15:46 Diperbarui: 19 Oktober 2016   16:00 128
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Telung ndino iki aku lagi okeh gawean, yo akeh laporan kanggo dinas sing  kudu tak gawe akeh proposal sing durung dadi.

"Ora iso lewat mburi maneh opo maneh ngenehi wuwur, presiden wes ngampayeke "saber pungli", iki mbebayani kanggo  wong sing seneng kemudahan nganggo nyogok duwet, neng marahi lego kanggo sik melu dalan bener"

Sms lan wa iki tak woco yo bener iki kabeh pengene gampang lan lancar opo maneh iki bab krusial lan gawat.

Yo ojo gumun yen sasaran pungli kang dibrasta saka preman cilikan ngundake ongkos patkir yo iki dianggep pungli!

"Mas nglembur yo?"

"Yo dik ngko bar ashar lagi bali"

"Iki ono sek sms takon kapan balimu, sajake pacarmu yo mas?"

"Ora aku sayang kowe kok dik.."

"Iki smse kok nyasar neng hpku?"

Waduh...bener  aku sengaja ijolan hp karo wong omah kanggo jaga diri. Neng iki kok marahi deweke jelouse, sujanan.

"Mas pacarmu yo?"

"Piye to smse?"

"Mas sido sing putih po sing abang, sik ijo yo akeh.."

"Sopo sing sms?opo wa  dik?"

"Adji...ceweke ayu yo mas?"

"Dik iki lagi ngeprint berkas..."

"Sexy yo, opo semok?"

"Ah ojo ngono"

"Mas malah ngomong rego..pilih sing menor 100 ewu, sing mulus putih 200 ewu..opo iki cewek-cewek mu yo mas?"

Aku mikir opo lan sopo sing ngoda lewat hp aku ora ngerti sopo adji mou? Lanang po wedok wong omah kudune ngerti aku nglembur neng kantor iki

"Mas kok ora njawab?"

"Opo dik?"

"Seneng cewek akeh yo?"

"Ora dik iki tresno mung kowe kok.."

"Iki no hpne tak kirimke kowe..takono dhewe.."

Aku nompo no hp aku sms, 

"Sinten?"

"Mas lali yo?"

"Kalihan sinten iki mas anto to?"

"Nggih bener..,"

"Adji mas..lali yo?"

"Mbok ojo sms iki mou bojoku sing nompo.."

"Ben cemburu he2.."

"Ojo maen-maen aku ngko ora dibukake lawang"

"Ben he he..aku nunggu neng ngarep omahmu mas..."

"Haduh...yo aku ashar iki tak bali"

"Tak tunggu mas...pengen kenal bojomu ugo ben lancar hubungan iki"

"Ojo ngono aku ra penak karo kowe sopo?"

"Ngko rak ngerti..."

Aku ndang bali saka pikiranku ora tau nduwe selingkungkuhan opo maneh seneng bojone liyan adji sopo kuwi?"

Lagi wae nyetandarke motor

"Mas lali yo?"

"Eh lha adjini to?"

Wong ayu kuwi medun saka mobil putihe, ayu akeh wong mlongo nek ndelok ayune!

"Pangapuro yen bojomu sujanan aku tak lansung ketemu yo?"

"Yo?"

Bojoku metu saka omah

"Bener to mas iki cewekmu yo?"

"Maaf mba cuma teman...mas berjasa padaku"

"Njur?"

"Mobil kae arep tak wenehke bojomu mba, amergo.."

"Cinta yo?"

"Ora, iku amergo bojomu mbiyen nyilihi duwet sithik aku dadi sukses bisnise"

Bojoku malah tangisan amergo aku sing pegawai PPL iki tugasku ngarahke petani neng pesisir iki lan adjini sukses yo amergo dana lan tekune limang tahun kepungkur.

"Bener mba mobil iki tak wenehke mas PPL amergo aku sukses lan iki nadarku"

"Yo mba"

Kabeh plong rasane

"Bisnis opo mba?"

"Nandur lan juragan lombok mas..."

Bener yen nemoni kesulitan neng urip iki Allah swt mesti paring dalan keluare tanpa dinyana-nyana!

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun