Mohon tunggu...
Agustav Triono
Agustav Triono Mohon Tunggu... Guru - Seorang guru dan pegiat seni

menyukai dunia seni terutama sastra dan teater

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Guru Kudu Terus Ngluru Ilmu

23 Maret 2019   08:57 Diperbarui: 23 Maret 2019   09:52 39
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

Ana tembung sinau kuwe sedawane urip, apamaning guru. Ora merga wis dadi guru njur mandeg goli sinau. Malah sewalike merga dadi guru, kudu terus sinau. Kenangapa? Ya mergane ilmu pengetahuan kuwe saben detik, saben jam, saben dina lan saben taun terus berkembang lan sengsaya maju. Lah angger guru ora terus sinau lan ora melu owahe jaman ya mengko bakale dadi guru sing ketinggalan jaman. Bisa-bisa mengko lewih pinter muride timbang gurune. Aja-aja malah tembung kebo nusu gudel kedaden. Merga bocah siki kuwe angger ana informasi cepet goli nggolet, gari klik lan takon maring mbah google informasi apa bae sing debutuhna bisa ana. Mula kuwe guru aja ngosih ketinggalan warta apa pengetahuan anyar. Guru kudu bisa nglarasna supayane apa sing detrima murid dadi ora salah pengerten.

Guru, apamaning sing wis olih tunjangan profesi pancen kudu bisa manpangatna kanthi bener rejeki sing wis dewehi sekang pemerintah. Seliyane nggo kesejahteraan guru, tujon liya ya kuwe nggo pengembangan diri.  Akeh dalan lan cara nggo pengembangan diri antarane sregep maca, aktip neng kegiyatan Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP), sregep melu Diklat, Workshop, Seminar utawa Pelatihan, sregep srawung karo masrakat, lan uga nguasani teknologi informasi. Sing kabeh mau kuwe seliyane nggo pengembangan diri guru uga ancase nggo majukna pendidikan. Merga gurune pinter lan maju, muride ya bakale dadi ketularan. Aja mung kukuban neng njero bathok klapa.

Sing kawitan yakuwe seneng maca. Guru kudu seneng maca. Seliyane maca buku pelajaran sing bakal dewulangna, guru ya kudu maca buku-buku penunjang liyane. Seliyane kuwe ya maca majalah utawa koran sing bisa nambah wawasan. Pancen siki lewih gampang lan cepet goli maca warta lan informasi liwat WA, Facebook lan media sosial liya. Ning siki ya akeh info sing hoax, merga kuwe guru kudu bisa milah lan milih sing kirane pancen warta lan info sing bener. Guru kudu pinter lan cerdas. Wong umume pancen lewih gampang tuku kuota internet ning guru sing bijak ya kudu enteng uga tuku buku-buku sing ana manpangate. Mula kuwe aja eman-eman tuku buku.

Sing kepindho, guru kudu sregep melu kegiyatan MGMP. Merga neng kegiyatan MGMP kuwe bisa dadi srana ketemu karo guru sekang sekolah liya nggo asah, asih lan asuh. Bisa ngrancang bareng lan urun rembug pembelajaran sing arep dewulangna. Bisa uga mbok menawa ana masalah babagan piwulangan sekang salah sijine guru, guru liya bisa melu urun rembug aweh solusi.           

Sing ketelu, angger guru dekongkon kon melu Diklat, Workshop utawa pelatihan ya kudu seneng. Merga liwat kegiyatan kuwe bisa marekna wawasan pengetahuane guru dadi tambah. Biasane nara sumbere ya sekang wong-wong sing pancen pinter neng bidange. Mula kuwe angger guru kon melu kegiyatan kaya kuwe aja ngosih mung melu-melu tok ning kudu serius. Ana kalane pancen kegiyatan kuwe gratis, utawa bisa debayari sekolahan. Ning angger ana kegiyatan sing kudu mbayar dewek ya aja eman-eman. Merga manpangate ya nggo awake dewek  uga mbok?

Sing kepapat, guru kudu seneng srawung karo masrakat. Aja ngosih neng tangga teparo malah ora kenal. Biasane neng masrakat, guru kuwe dideleng lewih pinter. Akeh guru uga depilih kon dadi pengurus RT, RW, utawa takmir mesjid. Kasunyatan guru kuwe ora mung degugu lan detiru neng muride, ning neng masrakat guru uga bisa dadi tuladha sing apik nggo masrakat. Ya paling ora angger srawung karo masrakat ya kudu bisa nggawa awak lan ndeleng awak, deweke kuwe guru. Angger seneng srawung karo liyan bisa olih pengetahuan sing dewek durung ngreti. Ndopok juguran karo tangga seliyane nuwuhna guyub rukun uga bisa ngerti kahanan nyata neng masrakat.         

Sing kelima, guru kuwe kudu bisa nguasani teknologi informasi. Jaman siki teknologi wis berkembang merga kuwe guru kudu nguasani teknologi aja malah dikuasani neng teknologi. Kudu bisa manpangatna teknologi informasi kanthi bener umpamane nggolet bahan materi lan pengayaan nggo piwulang. Merga tuntutan jaman, guru ya kudu pinter IT  (Informasi Teknologi) uga nduwe laptop lan HP Android sing bisa nggo sranane. Apamaning jaman siki apa-apa kuwe nganggo aplikasi mulai sekang data pokok kependidikan (DAPODIK), Uji Kompetensi Guru (UKG) nganti rapotan (E-Rapot). Merga kuwe aja dadi guru sing gaptek utawa gagap teknologi.

Kabeh kuwe mau cara nggo nglarasna kahanan sing terus owah. Guru kudu kemudu terus sinau aja ngosih ketinggalan jaman. Merga angger mandheg goli sinau bakale keri mbanyu.  Mula kuwe, guru kudu terus luru ilmu neng endi papan. Ilmu apa bae sing penting positip lan ana manpangate nggo ngembangna karier lan uga ngembangna awake dewek kon  dadi profesional lan dadi teladan. Mangga.    (wis tau demuat neng majalah ANCAS,2018) 

Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun