Armi isih iwut naleni sepatu kiwane nalika Ibu nyedhak. Bocah kelas enem kuwi melengak nalika Ibu nyuwun sepura. Sebabe Ibu durung bisa tumbas sepatu anyar kanggo dheweke. Armi mesem tipis karo mandeng sepatune. Sol perangan ngarep rusak merga kepangan dalan saben dina. Nanging Armi ora rumangsa gela. Dheweke tansah nggawe sepatu mau tanpa ngresula.Â
 Armi ngerti banget kahanane wong tuwane kang kesrakat. Bapake mung dadi tukang sol sepatu keliling. Upahe ora sepira, malahan sering oleh kesel bae merga ora ana sing mbutuhane jasane. Ibune semono ugah, asile dadi buruh umbah-umbah mung sithik. Bisa maem lan sekolah tanpa kebingungan bae wus syukur banget kanggone Armi. Kerana kuwi Armi ora nate ribut nyuwun sepatu anyar. Armi yakin menawa ana rejeki Bapak lan Ibune mesti mundhutne. Yen ta durung ana, ya wis diterima bae. Ngapa repot? Ngono pikire bocah kang rambute ngandan kuwi.
 Ora let suwe Armi sing wus mari nggawe sepatune banjur pamitan. Ibu nguntabake Armi nganti tekan latar. Sakwise kuwi mlebu omah. Nerusake pegaweyan kang durung mari ana mburi. Tekan sekolah Armi gage mlebu kelas 6A. Dheweke tas bae manjing kelas nalika Sarah ngguyu karo nuding sikile. Â
 "Ya ampun! Kuwi sepatu apa kodok? Kok mangape amba ngono!" ujare disambut guyu dening Loli.Â
 Armi ora semaur. Mung meneng bae, ethok-ethok ora krungu. Nanging Sarah tansaya ndadra. Saiki Sarah malah kandha menawa sepatune Armi mono ora pantes dienggo sekolah. Pantese diguwang ing tempat sampah. Ewasemono Armi ora mbales omongane Sarah kuwi. Pikire mengko yen disauri malah marahi rame.Â
 Meruhi kuwi Lira dadi mesakne. Nalika bocah-bocah mau ngalih, Lira nyedhaki Armi.Â
 "Mi, aja dilebokne ati ya kandhane Sarah mau. Anggep angin bae."
 "Ho-oh, Lir. Bene, wong dilokne ora kalong bae kok."
 Lira manthuk-manthuk. Nuli nawani sepatune marang Armi, supaya ora tansah digeguyu kanca-kancane. Armi nolak alus. Karo ngucap matur nuwun, Armi kandha ora usah. Dheweke isih bisa nganggo sepatune dhewe. Pancene bocah apikan, Lira terus upaya supaya Armi gelem nerima tawarane. Nanging Armi pancet nolak. Dheweke emoh ngerepotne kanca. Lira akhire pasrah. Ing njerone batin bocah kuwi kagum kerana milih nggawe sepatune kang wus ala timbang nyusahne kanca.
 "Muga-muga wong tuwamu ndang antuk rejeki, Mi. Dadi bisa tumbas sepatu anyar kanggo ngganteni sepatu sing iki," batine Lira karo mesem marang Armi.
 Ndilalah kersane Allah, awan-awan pas mulih sekolah Armi nemu dompet. Dompet kuwi gemletak ing tikungan cedak tokone Bu Kasiyem. Nalika dompet dibuka, Armi langsung njomblak! Duwit ing njero dompet mau akeh tenan. Armi nganti nggregeli nalika ngetung cacah dhuwite. Byuh, totale kabeh Rp 2.500.000,00!Â
 Ndeleng akehe dhuwit, Armi dadi kepikiran njupuk. Lumayan bisa ditumbasne sepatu, beras lan liya-liyane. Dadi kanggo sauntara Bapak lan Ibu ora kedungsangan. Nanging nalika tangane wus narik si duwit, Armi monga-mangu. Bocah umur 12 tahun kuwi mbayangne saumpama kuwi duwite wong tuwane. Mendah nelangsane kelangan sakmono akehe.Â
 "Ah, piye iki ya?" Ami deleg-deleng nguwasi duwit ing njero dompet.Â
 Rada suwe Armi meneng bae. Mikir kepiye apike. Si dompet dibalekne marang sing nduwe apa malah sewalike. Duwite dijupuk lan dompete diguwang ing tempat sampah.Â
 Sakwise nimbang-nimbang wusanane Armi mutusake kanggo mbalekne bae. Lha piye, wong panci dompet sak isine kuwi dudu duweke. Kerana kuwi Armi ora langsung bali. Armi nuli mlaku ngetan, ing arah jalan Kepodang. Tekan ngarep omah nomer seket telu, Armi mandeg. Karo rada jinjit Armi banjur mencet bel ing ngarepan pagere.
 Ora let suwe, ana wanita metu saka njero omah. Wanita ayu mau mesem karo takon nganggo basa Indonesia logat Jakarta.Â
 "Ada apa, Dik? Mau mencari Avira ya?"
 "Tidak, Bu."
 "Lho terus adik kesini mau apa?"
 "Ngg, begini...apa ini benar rumahnya Pak Syamsu Rizal?"
 "Oh, iya. Ada apa?"
 Armi banjur cerita menawa dheweke nemu dompet ing pinggir dalan. Bareng dibuka tibane dhuwene Pak Syamsu. Alamate ing jalan Kepodang 53. Amarga kuwi, Armi banjur mlaku mrene. Niate arep mbalekne si dompet marang sing duwe. Krungu ujare Armi, wanita kuwi gage mbukak gerbang omahe lan ngakon Armi mlebu. Sakwise Armi lungguh, wanita kuwi nuli mlebu lan nyeluk bojone, Pak Syamsu.
 "Ini adik yang menemukan dompetmu, Pak," ujare wanita mau, sing tibane bojone Pak Syamsu.Â
 Armi mesem banjur ngelungake si dompet saka tase.. Kandhane ,"Ini dompetnya, Pak."
 Pak Syamsu langsung ngucap syukur weruh dompete bali. Semono uga bojone. Ora uwis-uwis olehe matur nuwun marang Armi. Kanggo tanda terima kasih, Pak Syamsu banjur menehi Armi duwit Rp 200.000,00. Nanging Armi nolak. Malah nalika Bu Syamsu meksa, Armi panggah gedheg. Pak Syamsu lan bojone gela krungu jawabane Armi. Nanging uga seneng campur trenyuh. Mergane bisa nemoni bocah jujur lan tanpa pamrih kayadene Armi.
 Telung dina sakwise kedadean kuwi, ana wong dayoh ing omahe Armi. Dayoh mau tibane Pak lan Bu Syamsu. Ora gemen-gemen, wong loro mau teka karo nggawa gawan akeh. Ana beras, minyak, mie instan, lan ora keri sepatu anyar. Sepatu anyar kanggo Armi. Dene beras, minyak, lan mie instan kanggo wong tuwane. Armi lan wong tuwane nganti kembeng-kembeng nguwasi hadiah sak mono akehe. Apa maneh Armi. Dheweke ora ngira menawa tumindake dek wingi antuk ganjaran kaya ngene.
 Nalika Pak lan Bu Syamsu mulih, Armi langsung sujud syukur. Kandhane ,"Ya Allah, matur nuwun. Panjenengan sampun maringi rejeki ingkang kathah sanget..."
Wohing Kejujuran, terbit ing majalah Panjeb
ar Semangat 14 April 2018
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H