Mohon tunggu...
Sri Wintala Achmad
Sri Wintala Achmad Mohon Tunggu... Penulis - Biografi Sri Wintala Achmad

SRI WINTALA ACHMAD menulis puisi, cerpen, novel, filsafat dan budaya Jawa, serta sejarah. Karya-karya sastranya dimuat di media masa lokal, nasional, Malaysia, dan Australia; serta diterbitkan dalam berbagai antologi di tingkat daerah dan nasional. Nama kesastrawannya dicatat dalam "Buku Pintar Sastra Indonesia", susunan Pamusuk Eneste (Penerbit Kompas, 2001) dan "Apa dan Siapa Penyair Indonesia" (Yayasan Hari Puisi Indonesia, 2017). Profil kesastrawanannya dicatat dalam buku: Ngelmu Iku Kelakone Kanthi Laku (Balai Bahasa Yogyakarta, 2016); Jajah Desa Milang Kori (Balai Bahasa Yogyakarta, 2017); Menepis Sunyi Menyibak Batas (Balai Bahasa Jawa Tengah, 2018). Sebagai koordinator divisi sastra, Dewan Kesenian Cilacap periode 2017-2019.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Kucing Cemani lan Atusan Tikus Iblis

4 September 2019   19:08 Diperbarui: 4 September 2019   19:24 10178
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

RASA bungahe Dandun ora bisa digambarke maneh kanthi tembung-tembung endah, rikala omahe wus ora tau kesaba tikus-tikus kang grogoti klambi-kathoke kang kalempit sajroning lemari, buku-bukune kang ngebaki rak, lan dhuwit dluwange kang kasimpen neng slorokan meja kerja.

Ora mung Dandun kang ngrasakake bungah, nanging uga Maryati bojone. Wong wadon udakara umur telungpuluhan kuwi rumangsa wus ora duwe satru meneh sajroning omahe, rikala Mbah Darus tanggane aweh kucing si Cemani kang bisa brasta tikus-tikus kanthi cakar-cakare kang landhepe pitung penyukur.

Amarga rumangsa kaputangan budi marang si Cemani, Dandun lan Maryati banjur tansah migateke kucing kuwi. Aweh pangan sega putih lawuh belanak goreng marang Cemani. Ora mung ing wanci esuk, nanging uga ing wayah awan, lan sabadane wektu salat ngisak.

"Cemani pancen bisa diandelke, Dhik Mar," kandhane Dandun kang lagi nonton Keep Your Smile saka salah sawijine stasiun TV sajrone kamar paturon kuwi marang Maryati. "Mulane, Dhik. Mbokgatekna terus si Cemani! Kucing sekti kang mripate mencorong kaya mripate malaekat juru pati. Tumrape tikus-tikus kang ora beda koruptor-koruptor ing negri iki."

"Apa kang mbok prentahke kuwi, tansah daklakoni Mas. Cemani ora mung ndakpakani sega putih lawuh belanak goreng ing wanci esuk, awan, lan bengi; nanging uga tansah ndakrumat. Daklelithing kaya anakku dhewe."

"Kudu kaya ngono, Dhik!" Dandun sanalika kelingan marang Cemani kang kawit sore mau durung weruh gemlibete. "Oh ya, Dhik. Kawit bali saka kerja, aku kok durung weruh si Cemani ya?"

"Aku dhewe ya durung weruh sawuse dakpakani mau awan," kandhane Maryati. "Coba daktilikane neng pawon. Apa sega putih lawuh belanak goreng wis dipangan Cemani apa durung?"

"Coba enggal tiliki, Dhik!"

Maryati menyat saka papan paturon. Jumangkah metu saka ruwangan kuwi. Tumuju pawon. Rikala deleng sega putih lawuh belanak goreng isih wutuh ing sacedhake rak piring, Maryati bali neng kamar paturone. "Sega putih lawuh belanak goreng isih wutuh, Mas. Apa Cemani bali neng omahe Mbah Darus ya?"

"Mbok menawa." Dandun mateni TV kanthi remote control. "Ya, wis. Yen mangkono, aku tak menyang neng omahe Mbah Darus bengi iki. Sapa ngerti Cemani neng kana."

"Aku melu, Mas."

Sawuse nyaut senter sadhuwure lemari, Dandun lan Maryati metu saka ruwang paturon. Ngunci lawang omah ngarep. Tumuju omahe Mbah Darus. Nanging sawuse tekan papan kang dituju, Dandun lan Maryati kaget menawa Mbah Darus tilar donya sawuse mangerteni menawa racun kang kanggo brasta tikus-tikus neng omahe kuwi malah gawe tiwase si Cemani.

Mangerteni Cemani dadi bayangan, Dandun lan Maryati getun kepati. Tan beda Mbah Darus putri kang ditinggal mati dening bojone kuwi, praupane Dandun lan Maryati sanalika kaya langit kang kasaput mendhung angendanu. Wong loro kuwi kaya sakloron wong tuwa kang ditinggal mati dening anake dhewe.

Adan subuh ngumandhang saka salah sawijine mesjid ing desa kuwi. Dandun lan Maryati kang sawengi melu tuguran ing sapinggire layone Mbah Darus mulih neng omahe kanthi gawa layone Cemani kang diulesi mori putih. Sawuse tekan plataran omah, wong loro kuwi ngubur Cemani kanthi luh gegrontolan ing pipi.

Cemani wus dikubur kanthi tata cara kang murwat. Lagi wae jumangkah tumuju lawang omah ngarep kang bolong sapiring jembare kuwi, Dandun lan Maryati sanalika gigilen kaya wong lagi deleng memedi. Wong loro kuwi kaya ora percaya rikala sakloron mripate meruhi atusan tikus kang metu saka bolongan lawang kuwi.

Bareng pletheke srengenge ing bang wetan, tikus-tikus kang tumeka lan lungane kaya iblis kuwi musna kaya lebu katiyup angin. Kanthi jumangkah alon, Dandun lan Maryati lumebu sajroning omah.

Wong loro kuwi sanalika kaya reca urip; sawuse mangerteni menawa klambi, kathok, buku, lan dhuwit dluwange ludhes tan bisa dialap. Kaya kang dirasakake Maryati, Dandun uga ngrasakake menawa kahanan klawu sajrone omahe kuwi ora beda kahanan kang lagi manempa marang negarane. [Sri Wintala Achmad]

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun