"Lebaran bakal tumeka," kandhane Barja marang awake dhewe. Atine kang tan beda lemah nela ing mangsa ketiga iku bakal kesiram banyu udan. Sakloron anake -- Daruna lan Daruni -- kang makarya ing liya kutha bakal bali. Tilik kampung. Ngabekti marang dheweke.
Kanggone Barja, wektu lebaran bisa kumpul karo Daruna lan Daruni bakal nukulake rasa bungah. Kejaba bisa nambani tatu atine rikala Warsi bojone digawa minggat dening Sutama setaun kepungkur, sakloron anake iku bakal gawe mongkoke ati amarga wis kasil anggone nyambut gawe. Duwe pangkat dhuwur. Duwe bayar gedhe.
Bareng lamat-lamating swara takbir keliling, rasa bungahe Barja tan bisa kagambarake kanthi reroncening tembung endah. Rasaning ati jejingkrakan rikala nyawang sedan loro mandheg ing plataran. Rinasa antuk kanugrahan gedhe, rikala mangerti menawa wong-wong kang metu saka sedan loro iku ora liya Daruna, Daruni, lan keluwargane.
Ing malem lebaran, rasa bungahe Barja sampurna. Senajan ora ketunggon bojo, nanging kumpule karo sakloron anak, mantu, lan putune ing ruwang tamu kang binuka lawange iku bisa aweh panglipur. Nanging rasa bungahe iku ambyar rikala nyawang wong wadon ngadeg ing teras. Pawongan kang tan liya Warsi iku nangis sesenggukan sawuse lungguh timpuh sangareping lawang.
 "Apuranen sakabehe luputku, Kang Barja!" Luhing Warsi gegrontolan, milir ing pipine kang katon kisut. "Kejaba iku, tekaku mrene mung pengin nyawang sakloron anak lan putuku. Amarga aku ngerti menawa Kang Barja ora bakal nampa awakku kang wis dibuang Sutama kaya uwuh. Aku jaluk pamit."
Barja menyat saka kursi kayu ukir. Praupane abang branang kaya tembaga kang kaobong. Nuding-nuding Warsi. Nyuwara sora, "Minggat! Ora pantes kowe ngambah ing omah iki. Amarga laku sedhengmu karo Sutama, aku jijik nyawang rupamu. Minggat!"
Warsi kang wus menyat saka lungguh timpuhe iku ninggalke omahe Barja. Sawuse wewayangan bojone iku ilang saka pandulu, dheweke katon getun geduwung. Batine kandha menawa dheweke wis dosa gedhe marang Gusti Allah. Amarga wani ngregeti sucine malem lebaran kang kebak kanugrahan iku kanthi ngumbar tembung-tembung ala.
"Sabar, Pak!" Daruna aweh pepeling marang Barja kanthi aris. "Menika malem lebaran ingkang kedah dipunkormati dening sadengah titah."
"Bener, Le. Aku luput gedhe. Mula saka iku, golekana ibumu! Gawanen mulih! Aku bakal aweh pangapura marang dheweke."
"Iinggih, Pak. Kula badhe madosi ibu. Boten badhe wangsul menawi dereng sesarengan Ibu."
Rikala sedan kang disopiri Daruna wis ningalake plataran, Barja aweh pepeling marang Daruni, mantu, lan putune. "Wis lingsir wengi. Padha ngasoa! Mundhak ora kerinan anggonmu sesuk nindake salat id neng lapangan."
Sabadane subuh, Barja, Daruni, mantu, lan putune kang wis ninggalke alam pangimpen iku lungguhan ing ruwang tamu. Â Bareng pletheking srengenge, Daruna kang bebarengan Warsi iku metu saka sedan. Barja lega. Amarga dina lebaran iku, keluwargane bakal wutuh meneh.
"Warsi...." Barja kumecap abot. "Ndakngapura sakabehing luputmu. Mula, mlebua omah! Kumpul karo anak, mantu, lan putumu."
"Ora, Kang. Tekaku mrene saperlu jaluk pangpuramu. Gandheng mbokapura sakabehe luputku, aku lega. Aku ora bali neng omah iki, sadurunge antuk paukuman saka Gusti Allah. Kanthi paukuman-E, sakabehe dosaku bakal tinebus. Aku jaluk pamit."
Tanpa diabani; Barja, anake sakloron, lan mantune nyawang lungane Warsi tanpa kedhep. Nanging rasa ngungun kang dirasake sakloron anake iku beda kang rinasakake Barja. Dheweke rumangsa bombong, menawa bojone ora mung jaluk ngapura sawuse nglakoni dosa, nanging uga wani ngadhepi paukuman. [Sri Wintala Achmad]
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H