"Aku ora sarujuk." Pakde Sranta, bapakne Kang Kemproh bengok sora saka ruwang tamu. "Ora perlu dhemo. Senajan suwaramu sero, nanging ora bakal digubris. Bah Long Kek kuwi sugih dhuwit. Dheweke kuwat bayar sewu preman kanggo bungkem swaramu."
Kang Kemproh lan Yu Srendel mung padha sawang-sinawang sawuse krungu kandhane Pakde Sranta. Ora ana tembung-tembung kang kumecap saka lathine. Amung swarane pawarta saka salah sawijine stasiun televisi swasta nasional. Pawarta kang mawartake menawa Bupati Bongsor De Lappo ditangkep KPK ing kantor kerjane sawuse kadakwa nampa suap 1,3 milyar saka Bah Long Kek. Krungu pawarta iku, Kang Kemproh lan Yu Srendel sanalika bengok sora, "Sukur!"
Ora mung Kang Kemproh lan Yu Srendel kang rumangsa lega sawuse Bongsor De Lappo ketangkep KPK, nanging uga wong-wong ing Kampung Bang Kangkung. Mulane kabeh padha rela ngetoke ragat kanggo sukuran sawuse Bongsor kapecat saka jabatan bupatine.
***
Ing pelataran omahe Pak Jomar, Ketua RT 01 Kampung Bang Kangkung, wong-wong padha kumpul saperlu ngesokake rasa sukur marang Gusti-ne sawuse Bongsor De Loppa mlebu ing pakunjaran. Bubar dedonga bebarengan, adicara sukuran iku kapungkasan. Kang Kemproh, Yu Srendhel, Lik Dulkemit, Mbah Semprong, Pakde Bowang, sartane Dik Juminten padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Nanging, bocah-bocah nom isih padha keri. Dangdutan kairing lagu-lagu OM Monata nganti tumekaning gagat esuk.
Kaya dina wingi lan wingine, saperangan warga Bang Kangkung kang uripe ngendelke pametune sawah kuwi wus padha ninggalke omah sadurunge srengenge mlethek ing bang wetan. Bedholi tanduran kang alum lan ora bisa diupakara meneh amarga limbah pabrik.
"Awake dhewe mung bisa sabar, pasrah, lan narima." Mbah Semprong aweh panglipur marang Kang Kemproh kang lagi lungguh thenger-thenger sajrone gubuk. "Percaya wae, Gusti ora sare."
"Kang baku meneh...." Lik Dulkemit nimbrung. "Bongsor De Loppa wus mlebu sel. Aku uga krungu pawarta menawa Bah Long Kek wus kacidhuk KPK."
"Apa yen Bah Long Kek wus kacidhuk KPK, terus rampung perkarane?" pitakone Kang Kemproh. "Durung. Limbah pabrik bakal tetep mili ing sawah-sawah iki, Lik." Â
Krungu kandhane Kang Kemproh, Lik Dulkemit lan Mbah Semprong ora bisa aweh wangsulan. Sanalika swasana ing gubuk iku ora beda swasanane kuburan tuwa kang nyenyet. Nanging, swasana nyenyet iku pecah rikala tumekane Yu Srendel kang aweh pawarta menawa Pak RT Jomar dhawuhake sakabehe kepala warga Bang Kangkung saperlu mlumpuk ing lapangan Kecamatan Randugebang. Nyemak andharane Jangkung Da Sule - wakil bupati Â
Randugimbal -- kang bakal tumeka ing Randugebang rikala tabuh loro sore.
Bebarengan Lik Dulkemit, Mbah Semprong, lan Yu Srendel; Kang Kemproh ninggalke gubuk iku. Lumaku sadawane galengan. Mulih menyang omahe. Sawuse tekan ngomah, Kang Kemproh kang wus adus lan mangan sega jangan bobor sambel trasi iku banjur menyang lapangan Kecamatan Randugebang. Bebarengan rombongan warga Kampung Bang Kangkung.