Wong-wong kang manggon ing Perumnas Pandhansewu ora ngira menawa Johan kang yuswane wus ngancik 45 taun iku kapetung priya thukmis. Ora mung Rian, nanging uga Rahab ngandhake menawa Johan kang makarya dadi guru SMP lan kondhang dadi penulis buku iku seneng ngumbar mripat marang wong-wong wadon kang ayu rupane, luwes wiragane, lan semok pawakane.
Kabar kang magepokan Johan thukmis wus sumebar. Senajan wus dadi pocapane wong-wong Perumnas Pandhansewu, nanging Johan katon ora duwe isin. Johan dhewe katone semu seneng rikala akeh wong wadon ayu kang dilirik malah aweh esem manis.
Wong-wong wadon kang katone seneng rikala dilirik Johan ora mung bojone Rian, nanging uga pacangane Rahab -- Suryatmi. Wong wadon kang makarya dadi guru kang asring kaceluk Mimi iku katone kepilut marang Johan. Guru gantheng, sugih, lan misuwur jenenge amarga buku-bukune kang sumebar ing sadengah kutha.
Bukti Mimi kepilut karo lirikane Johan wus ora bisa diselaki. Saben lingsir wengi, Mimi kang kagugah swaraning alarm android-e iku wiwit asring kirim pesen Whatsapp karo Johan. "Sugeng enjang, Pak. Kula kinten Pak Johan dereng sare, amargi benjang dinten Minggu, nggih? Ketawis Whatsapp-ipun tasih online. Nembe menapa? Saweg nyerat buku?"
"Nyerat gurit katresnan kados Dik Mimi."
"Hayo.... Kagem sinten? Kagem Bu Johan? Menapa kagem Mbak Tunik, garwanipun Mas Rian?"
"Kagem Dik Mimi."
"Halah. Gombal!"
"Saestu. Sumpah. Demi Allah."
Maca wangsulane Johan, pipine Mimi kang kasunaran lampu 20 watt iku sanalika semburat jambon. Jantunge Mimi dheg-dheg-plas. Nanging rasa bungah kang tan bisa ginambarake kanthi tembung-tembung endah iku sanalika pupus rikala sinyal internet android-e dumadakan lemot. Mimi Kuciwa.
Tan beda Mimi, Rahab uga kuciwa. Rasa kuciwane Rahab iku amarga pesen Whatsapp-e marang Mimi tan kasil kekirim. Sawuse kekirim bakda subuh, Rahab tansaya kuciwa. Amarga pesen Whatsapp-e kang tlonjonge ngejak Mimi plesir menyang Pesisir Kidul iku ora antuk wangsulan.
Mangerteni menawa Mimi ora gelem mangsuli pesen Whatsapp-e, pandugane Rahab menawa pacangane iku wus kagodha marang Johan. Apa maneh rikala Rian aweh kabar menawa Mimi lan Johan tumuju Pesisir Kidul kanthi numpak Inova ireng weton anyar.
"Dhasar thukmis." Rahab muntap. "Johan kudu dinehi pelajaran."
"Sabar, Hap!"
Tanpa ngrungoke celathune Rian, Rahab nyetater motore. Tumuju Pesisir Kidul. Sawuse markir motore, Rahab lumaku tumuju gubug sapinggire kisik samudra. Papan Mimi lan Johan lagi pepasihan kaya sakloron bocah ABG kang lagi kebrongot genine asmara. Karana pikire wis kinemulan mendhung, Rahab milara Johan nganti tumekaning pralaya.
Ora gantalan wektu, Rahab ditangkep polisi lan dijebloske sajroning pakunjaran. Layone Johan digawa ambulance tumuju Rumah Sakit. Mimi semaput sawuse mangerteni sarandhunining ragane wong kang ditresnani iku kebes getih. Sawetara, wong-wong kang nonton kedadeyan kuwi mung pating klesik, "Nyai Kidul ngersake tumbal kang bakal didadeke budhak asmarane."
Seminggu sawuse kedadeyan ing Pesisir Kidul, Mimi kang wus kabukten tumindak sedheng karo Johan iku dipecat anggone dadi guru. Karana isin, Mimi ninggalake omah kontrakan ing Perumnas Pandhansewu. Miturut Rian kang ngalap randhane Johan sawuse pegatan karo Tunik iku menawa Mimi asring lungguhan neng gubug Pesisir Kidul. Nangis sesenggukan. Gumuyu latah-latah. Jejogedan kaya wong edan kapiran. [Sri Wintala Achmad]
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI