Wong-wong kang manggon ing Perumnas Pandhansewu ora ngira menawa Johan kang yuswane wus ngancik 45 taun iku kapetung priya thukmis. Ora mung Rian, nanging uga Rahab ngandhake menawa Johan kang makarya dadi guru SMP lan kondhang dadi penulis buku iku seneng ngumbar mripat marang wong-wong wadon kang ayu rupane, luwes wiragane, lan semok pawakane.
Kabar kang magepokan Johan thukmis wus sumebar. Senajan wus dadi pocapane wong-wong Perumnas Pandhansewu, nanging Johan katon ora duwe isin. Johan dhewe katone semu seneng rikala akeh wong wadon ayu kang dilirik malah aweh esem manis.
Wong-wong wadon kang katone seneng rikala dilirik Johan ora mung bojone Rian, nanging uga pacangane Rahab -- Suryatmi. Wong wadon kang makarya dadi guru kang asring kaceluk Mimi iku katone kepilut marang Johan. Guru gantheng, sugih, lan misuwur jenenge amarga buku-bukune kang sumebar ing sadengah kutha.
Bukti Mimi kepilut karo lirikane Johan wus ora bisa diselaki. Saben lingsir wengi, Mimi kang kagugah swaraning alarm android-e iku wiwit asring kirim pesen Whatsapp karo Johan. "Sugeng enjang, Pak. Kula kinten Pak Johan dereng sare, amargi benjang dinten Minggu, nggih? Ketawis Whatsapp-ipun tasih online. Nembe menapa? Saweg nyerat buku?"
"Nyerat gurit katresnan kados Dik Mimi."
"Hayo.... Kagem sinten? Kagem Bu Johan? Menapa kagem Mbak Tunik, garwanipun Mas Rian?"
"Kagem Dik Mimi."
"Halah. Gombal!"
"Saestu. Sumpah. Demi Allah."
Maca wangsulane Johan, pipine Mimi kang kasunaran lampu 20 watt iku sanalika semburat jambon. Jantunge Mimi dheg-dheg-plas. Nanging rasa bungah kang tan bisa ginambarake kanthi tembung-tembung endah iku sanalika pupus rikala sinyal internet android-e dumadakan lemot. Mimi Kuciwa.
Tan beda Mimi, Rahab uga kuciwa. Rasa kuciwane Rahab iku amarga pesen Whatsapp-e marang Mimi tan kasil kekirim. Sawuse kekirim bakda subuh, Rahab tansaya kuciwa. Amarga pesen Whatsapp-e kang tlonjonge ngejak Mimi plesir menyang Pesisir Kidul iku ora antuk wangsulan.