SRENGENGE ing wektu awan kuwi rinasa kaya mawa bathok kang ngobong mbun-mbunan sirah. Panase srengene tansaya ngedap-edapi, rikala bocah-bocah nom-noman kang manganggo kaos sarwa abang lan ginambar potrete Gapur -- salah sawijine calon kades ing kalurahan Wukirsari -- kuwi gembor-gemborke motore. Mecaki dalan ing pinggir lan sajrone kampung-kampung.Â
Mangerteni anane kampanyekeliling kang dilakoni dening bocah-bocah nom-noman kuwi, akeh wong kampung Jeruklegi padha metu saka omahe. Wong-wong kang banjur padha ngadeg jejentrekan sakiwa-tengene pinggiran dalan kuwi ngacung-ngacungake driji panunggule. Sinambi lambene padha ngucapake yel-yel kaya kang diucapke dening bocah-bocah nom-noman kuwi. "Hidup, nomer satu! Pilih Kang Gapur, hidupnya maju. Hidup, Kang Gapur! Pilih Kang Gapur, hidupnya makmur!"
Deleng Supana lagi lungguhan dhewe, Tarmin kang isih kepener tangga cedhak kuwi lumaku tumuju gethek. Lungguh sadhuwure gethek sakiwane Supana. "Lho, Kang Pana kok ora melu nonton kampanye? Wingi Lik Barjo botohe Kang Gapur teka neng omahmu to? Mosok wus entuk-entukan, ora melu nyengkuyung anggone Kang Gapur kepengin dadi kades?"
"Aja waton ngoceh, Min!" Praupane Supana kaya piring tembaga kang kabakar urupe geni. "Aku iki uwong kang isih duwe prinsip. Senajan aku kesrakat pitulikur, nanging nuraniku ora bisa dituku. Luwih becik golput tinimbang nyoblos gambare Gapur."
"Aja ngono, Kang! Golput kuwi dadi larangane negara." Tarmin sajak mendelik. "Apa Kang Pana wus duwe jago liya?"
"Kuwi dudu urusanmu!" Praupane Supana tansaya abang branang. "Tur ya ngapa, kowe dadak ngurusi wong liya? Kaya intel wae."
Krungu pangucape Supana kang pungkasan, Tarmin kang yuswane durung ana rongpuluh tahunan kuwi, getih mudhane kaya banyu kang umep sadhuwure kompor gas. Tanpa bisa dikendhaleni meneh, kepelan tangan tengene Tarmin kapunjungake neng pilingane Supana. Plek. Sanalika Supana tiba saka gethek. Glangsaran neng lemah. Tan eling purwa lan duksina.
***
TUMEKANE wektu coblosan, wong-wong kampung Jeruklegi wus padha ninggalake omahe bakda srengenge mlethek ing bang wetan. Tumuju TPS kang manggon neng daleme Kadus Dulkemit. Saperlu aweh swara marang salah sawijine jago calon kades ing kalurahan Wukirsari.
Bakda surup, Supana mung lungguhan dhewe sadhuwure gethek sangisore wit sawo. Sirahe mung gedheg-gedheg, rikala deleng Tarmin lan sapirangan wong kampung Jeruklegi padha pating brubut ninggalke omahe. Tumuju neng omahe Gapur kang lagi antuk kamenangan anggone jago kades. Pesta miras, tongseng kambing balap, Â rokok gratisan, lan dangdutan.
***
SAWUSE setaun Gapur dadi kades, Supana kang lagi lungguhan neng gethek ing wanci bedhug kuwi krungu menawa wong-wong Jeruklegi kang dipandhegani dening Tarmin padha demo neng ngarep kalurahan Wukirsari. Amarga Gapur kang disengkuyung anggone dadi lurah kuwi cidra ing janji. Sawah bengkok kang dipasrahke Gapur marang wong-wong Jeruklegi kanggo budidaya grameh, tombro, lan lele dombo kuwi dijaluk bali. Di-kontrak-e marang Hang Sun. Raja dhuwit saka kutha kang kepengin gawe usaha ternak ayam potong.
Ora watara suwe, kupinge Supana krungu clometane wong-wong kang lagi bali saka demo, "Tarmin diplayokake neng rumah sakit. Kemiri kiwa sikile kena pluru saka oknum preman kang dibayar dening Gapur." Batine Supana sanalika kandha, "Sabeja-bejane wong, kang eling lan waspada!"
 ***
SETENGAH taun sawuse Hang Sun kasil bangun usaha ternak pitik potong, kampung Jeruklegi ketaman pageblug lelara flu burung. Ora mung sapirangan wong kampung Jeruklegi kang ora bisa dislametke nyawane, nanging uga Tarmin 'Pencik'. Mangerteni kahanan kang banget ngrerujit ati kuwi, Supana mung nggresah pasrah. Kaya dene prajurit kang pilih kalah sadurunge maju perang.
-Sri Wintala Achmad-