Mohon tunggu...
Sri Wintala Achmad
Sri Wintala Achmad Mohon Tunggu... Penulis - Biografi Sri Wintala Achmad

SRI WINTALA ACHMAD menulis puisi, cerpen, novel, filsafat dan budaya Jawa, serta sejarah. Karya-karya sastranya dimuat di media masa lokal, nasional, Malaysia, dan Australia; serta diterbitkan dalam berbagai antologi di tingkat daerah dan nasional. Nama kesastrawannya dicatat dalam "Buku Pintar Sastra Indonesia", susunan Pamusuk Eneste (Penerbit Kompas, 2001) dan "Apa dan Siapa Penyair Indonesia" (Yayasan Hari Puisi Indonesia, 2017). Profil kesastrawanannya dicatat dalam buku: Ngelmu Iku Kelakone Kanthi Laku (Balai Bahasa Yogyakarta, 2016); Jajah Desa Milang Kori (Balai Bahasa Yogyakarta, 2017); Menepis Sunyi Menyibak Batas (Balai Bahasa Jawa Tengah, 2018). Sebagai koordinator divisi sastra, Dewan Kesenian Cilacap periode 2017-2019.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Cerpen | "Coblosan ing Jaman Kenthir"

10 April 2018   07:39 Diperbarui: 10 April 2018   08:09 1243
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Bakda surup, Supana mung lungguhan dhewe sadhuwure gethek sangisore wit sawo. Sirahe mung gedheg-gedheg, rikala deleng Tarmin lan sapirangan wong kampung Jeruklegi padha pating brubut ninggalke omahe. Tumuju neng omahe Gapur kang lagi antuk kamenangan anggone jago kades. Pesta miras, tongseng kambing balap,  rokok gratisan, lan dangdutan.

***

SAWUSE setaun Gapur dadi kades, Supana kang lagi lungguhan neng gethek ing wanci bedhug kuwi krungu menawa wong-wong Jeruklegi kang dipandhegani dening Tarmin padha demo neng ngarep kalurahan Wukirsari. Amarga Gapur kang disengkuyung anggone dadi lurah kuwi cidra ing janji. Sawah bengkok kang dipasrahke Gapur marang wong-wong Jeruklegi kanggo budidaya grameh, tombro, lan lele dombo kuwi dijaluk bali. Di-kontrak-e marang Hang Sun. Raja dhuwit saka kutha kang kepengin gawe usaha ternak ayam potong.

Ora watara suwe, kupinge Supana krungu clometane wong-wong kang lagi bali saka demo, "Tarmin diplayokake neng rumah sakit. Kemiri kiwa sikile kena pluru saka oknum preman kang dibayar dening Gapur." Batine Supana sanalika kandha, "Sabeja-bejane wong, kang eling lan waspada!"

 ***

SETENGAH taun sawuse Hang Sun kasil bangun usaha ternak pitik potong, kampung Jeruklegi ketaman pageblug lelara flu burung. Ora mung sapirangan wong kampung Jeruklegi kang ora bisa dislametke nyawane, nanging uga Tarmin 'Pencik'. Mangerteni kahanan kang banget ngrerujit ati kuwi, Supana mung nggresah pasrah. Kaya dene prajurit kang pilih kalah sadurunge maju perang.

-Sri Wintala Achmad-

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun