Mohon tunggu...
Zumrotun Muasyiroh
Zumrotun Muasyiroh Mohon Tunggu... Lainnya - Siswa

Memasak

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Upacara Tingkeban

21 September 2023   18:29 Diperbarui: 21 September 2023   18:29 635
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Upacara Tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki isih kereb ditindakake. Upacara Tingkeban  iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara Tingkeban dianakake mesthi wae nduweni ancas kang kepingen digayuh dening kulawarga mligini ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet,lan ora ana alangan apa-apa.

Ing kene uga arep diandharake tata cara upacara tingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon ibu. Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara sungkeman calon ibu lan calon bapak luwih disik sumungkem ing ngarsane rama lan ibune. Sabanjure upacara siraman ,Ana ing upacara siraman ,calon ibu disiram dening wong pitu kayata:bapak saha ibu saka calon ibu,bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa tangga teparo kang bisa dadi tuladha becik, sawise siraman banjur sesuci (wudhu). Banyu kang diwadahi ing kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendika "Ora mecah kendi nanging mecah pamore jabang bayi".

Ing upacara tingkeban calon ibu ganti nyamping kaping Pitu kang urut-urutane nyamping Sidaluhur ,Sidamukti truntum, Wahyu tumurun,udan Riris parangkusuma,lan nyamping semen Romo. Sabanjure ganti nyamping ana adicara nigas janur kuning. Calon bapak nigas janur kuning kang di ubetake ing bangkeane calon ibu. Banjur acara Brojolan,Brojolan ing kene ana werno loro iya iku brojolan Tigan (kanthi pangajab muga-muga bayi bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang ngalangi). Brojolan kaping pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamaratih utawa Arjuna lan Subadro kang minangka pralambang laire jabang bayi.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun