Mohon tunggu...
Zaeka Aleza
Zaeka Aleza Mohon Tunggu... Lainnya - siswa

jadilah diri sendiri

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Upacara Tingkeban

26 Mei 2024   20:47 Diperbarui: 26 Mei 2024   21:23 50
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggocalon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi wae nduweniancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas supaya bayi lair kanthigampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku muga-muga mbesuke bisa dadianak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga arep diandharake tata cara upacaratingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon ibu.Upacara tingkeban kawiwitan mawa
sungkeman
. Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane Rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni tegesmuga
 --
muga ing tembe jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wongtuwane. Sabanjure upacara
siraman
, Ana ing upacara siraman, calon ibu disiram deningwong pitu, kayata: bapak saha ibu saka calon ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah,sedulur utawa tangga teparo kang bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur
sesuci
 (wudhu). Banyu kang diwadhahi ing kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu
saka calon ibu kanthi ngendika: " ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi."
 Ing upacara tingkeban, calon ibu
ganti nyamping kaping pitu
, kang urut-urutane:
nyamping  sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris, parang kusuma lan nyamping  semen romo
. Sabanjure ganti nyamping ana adicara
nigas janur kuning
. Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas muga-muga jabang bayi bisa lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara
brojolan
. Brojolan ing kene ana werna loro yaiku brojola tigan(kanthi pangajab muga-muga bayi bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kangngalang-alangi). Brojolan kaping pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajayalan Kamaratih utawa Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi.Mangkono mau urut-urutan ing upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negaramawa tata, mula ora mokal manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake. Kabeh mauminangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun