-sirnaning kasusilan wedi isin-
Kumrembyahing rikma endahmu, wus datan bisa kadulu
Gempil rasaku nyumurupi rikma ngandhan-andhan kang binedhol
Ilining basa rinengga kang mijil saka lesanmu, wus nora bisa rinungu
Kang keprungu amung grothal-grathuling atur keladuk sengol
Enceping lathimu rikala nggegojeg atiku, wus tan rinasa kasdu
Prasasat dadi guwing, tan bisa ndudut rasa kang wus ambrol
Uga, kongas ganda arum saliramu, wus tan bisa inambu
Sanadyan katiuping samirana, rumabaseng durgandana wus sirna ambrojol
Samubarang mau wus keplayu tan linarapake, sajak ruwat katrajang ing alun
Cuwilaning wektu iki, mabur kekiteran, kumitir ngoyak kang wus kawuri
Umpamaa bisa ngurug kedhung, anawu segara; petenging pedhut angendanu iki ora bisa sumilak
Teken wus gropok, tan kuwawa nuwak prahara kang kaya mangkene
Rikala andhodhog lawanging atimu, tinemune amung suwung tembe mburine
Saktemene, ora lila nyawang wewangunan kang edi iki sumusup laju ing hima himantaka
Kaya-kaya kadereng anjejak bantala nggayuh ngantariksa anututi kang wus manjing ing angkasa
Sapa kang digdaya ambirat sukerta iki?
Apa kasusilan “wedi isin” iki mung dadi impen kang cuthel tumrap saben janma ing tengah ratri?
Impen kang kepengin tansah angrungkebi ngereh bumi budaya pertiwi
Pangangen-angen kang tansah ngreridhu mring anggering tata karma
Muga jagad aja amung gebrebegen marang pambaunging srenggala
Ananging dadiya suthik marang sumribiting angin kang ngelus pranaja
-Bhege Widiyanta-
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H