"Gupuh nggeh niku separuhe gerah, kalem nggeh niku separuh obat, lan sabar niku wiwitan kuwarasan" (Ibnu Sina)
Peken, mushala, lan taman kutha pada sepi. Penyebabe nggeh niku wonten wabah virus corona (covid-19) ingkang merajalela teng jagad. Bocah-bocah sekolah nggeh pdha preinan sedanten. Pemerintah ngendika wabah penyakit sesak nafas sing disebabake serangan virus niki monggo di lawan sareng-sareng. Carane nggeh niku nyepi ing dalem nggriyo piyambek.Â
Penggawean, sinau, lan aktivitas liyane monggo sareng-sareng di nggarap teng nggriyo. Sing penting dados manungsa niku mboten angsal sombong. Mentang-mentang awak tasik sehat diarani kebal kaleh penyakit. Â Medal teng pundi-pundi mboten wedi. Nggeh ngeteniki pemikiran manungsa ingkang kliru. Virus corona niku lek sampun mlebet teng awak. Virus e niku mboten purun medal-medal. Saget-saget engken menggrogoti paru-paru manungsa ingkang mbangkang. Akibate saget menyebabake kematian sewayah-wayah nyebabake gerah sesak nafas.
Virus corona niku ukurane alit, mboten saget di tingali kaleh mripat. Penularan saking manungsa teng manungsa saget derek watuk, wahing, lan salaman. Virus ditularaken yen sampeyan demek cairan manungsa terinfeksi, banjur ndemek : mripat, irung, lan ing tutuk. Gejala-gejala nggeh niku watuk, pilek, gerah tenggorokan, gerah ing sirah, lan sesak nafas. (sumber : cnn Indonesia)
Jaga awak dhewe lan keluarga saka covid-19 ndamel cara :
Setunggal, sing sregep mbasuh tangan ndamel sabun
Kaleh, mboten angsal demek pasuryane
Tiga, jaga jarak marang liyane sing adohe paling ora semester
Sekawan, mboten angsal lali ndamel masker yen pilek lan watuk
Gangsal, teng griyo mawon mboten angsal tindak ing ngendi-ngendi yen mboten penting banget
Lek wonten tiang gerah pilek di kengken ndamel masker. Tujuane nggeh niku dadine gerahe mboten nular teng tiang lintune. Nanging lek wonten tiang mboten gerak pilek mboten disaranaken ndamel masker. Polahe niku engken saget dados e  gerah. Nasehat niku kulo angsal saking ceramahe KH. Ghofur.