Mohon tunggu...
WAHYU PURWO SEJATI
WAHYU PURWO SEJATI Mohon Tunggu... Guru - SMKN 2 PURWOREJO

HOBI OLAHRAGA

Selanjutnya

Tutup

Foodie

Clorot Dhaharan Khas Kutha Purworejo

8 Maret 2023   15:17 Diperbarui: 8 Maret 2023   15:21 335
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Foodie. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Freepik

Clorot dhaharan khas Kutha Purworejo

Clorot yaiku dhaharan khas kang agawe saka tepung uwos lan gendhis jawi kang di dhang. Dhaharan iki yaiku sawijining jajanan khas saking Purworejo, Jawa Tengah. Clorot mboten namung ditresnani tumrape masyarakat Purworejo mawon, ananging uga para wisatawan domestik lan mancanegara kagem ameng-ameng utawa kagem daharan macit.

Clorot yaiku kalebu dhaharan/pacitan kang unik, raosipun ingkang manis lan tekstur kenyal maringi raos ingkang khas. Ing proses anggawe kalebu bahan-bahanipun kados ta; gendhis jawi, sarem, ron pandan dipun campur kaliyan toya santen, banjur di masak kaliyan di aduk radin. Lajeng menika, banjur campuran santen wau di sorake ing wadhah kang wonten tepung uwos, banjur di aduk kanthi radin. Lajeng adonan di wadahi teng wadah/ kemasan kang di damel saking ron kelapa utawa janur banjur di dhang kanthi mateng.

Saliyanipun raos ingkang khas, clorot uga nduweni bingkis kang unik kang di damel saking ron kelapa utawa janur ingkang di wangun kerucut, bunder  lan dawa. Dados ing tengahipun saged dipun isi adonan ingkang sampun cumawis. Ing damel bingkis clorot, janur di puter pucukipun kanthi wangun kerucut. Ing babagan ngandap kedah rapet supados mboten bocor menawi adonan dilebetaken. Ing babagan nginggil di semat supados mboten lukar. Wondene nalika dhahar clorot, babagan ngandap kerucut disunduk ginakaken driji supaya isinipun medal, bias uga kanthi cara  nginggil kang di semat di lukar.

 Ing kutha Purworejo, clorot sampun kulinten wonten ing acara khitanan, babaran, lan pernikahan. Midherek sesepuh Clorot punika duweni werdi kagem ingkang kagungan kersa/ hajat kayata manten, inggih punika penganten sakloron tansah pinaringan pasuryan kang kayata dewa-dewi tansah Cumlorot lan mrabawani.  Dhaharan Clorot menika kathah dipun panggihi wonten peken-peken tradisional, salah sawijinipun wonten ing peken Grabag, Purworejo, Jawa Tengah.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Foodie Selengkapnya
Lihat Foodie Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun