17 taun minangka umur sing penting banget kanggo saben bocah. Akeh bocah sing milih nggawe acara ulang tahun ing umur iki. Biasane dheweke bakal ngajak kulawarga lan uga kanca sing paling cedhak. Iki uga ditindakake dening Keisha. Ing ulang tahun sing kaping 17 e iki, dheweke bakal nganakake acara lan ngajak kulawarga lan kanca-kancane.
Ing acarane iki, Keisha ora nggunakake jasa penyelenggara acara, mula dheweke dewe seng ngrancang acara iki. Mulai saka milih panggon acara, mc, susunan acara, dekorasi, undhangan, lan uga panganan, kabeh dirancang dhewe. Keisha seneng banget amarga akhire cita-citane gawe acara ulang tahun dadi kenyataan. Nganti akeh alangan sing mula teka ing tengah perencanaan e iki.
Keisha nampa kabar yen susunan acara sing dheweke gawe ora ditampa dening panggon acara sing wes disewa Keisha. Sanajan ing dina iku wis meh dina acara. Ora mung kuwi, jebul menu sing dipesen Keisha ora cukup kanggo kabeh tamu undangan. Dadi Keisha kudu mikir lan malik utek. Dheweke wiwit rembugan karo wong saka panggon acara ne iku.
"Ayolah mas, sesuk wes dina acarane, kok susunan acaraku mung saiki ditolak?"
"Ngapunten mbak, kula nembe nampa kabar saking atasan,"
"Terus piye solusine mas, wis h-1 iki, ora iso yen aku nyusun acarane maneh,"
"Oke mbak, aku rembugan dhisik karo bosku."
Sawise ngenteni suwe, pungkasane susunan acarane Keisha ditampa dening panggon e. Lan uga kanggo panganan e, solusi sing paling apik yaiku ngganti panganan sing ora cukup karo panganan seng liyane. Sakwise drama kui, Keisha akhire lega ngrampungke rencana acara lan mung ngenteni sesuk. Akhire dheweke mulih lan ngaso ben sesuk ora kesel.
Esuke Keisha wis siyap-siyap lan rias wiwit jam 3 sore nalika acarane isih jam 5 sore. Tekane Keisha, jebul kanca-kancane lan keluargane wis ana sing teka. Dheweke uga nggawa hadiah lan ngucapake selamat marang Keisha. Keisha bungah banget lan ngucapake matur nuwun marang kulawarga lan kanca-kancane. Acarane lancar, Keisha uga melu ngisi acara karo konco musik e.
Wis rampung acarane, wis wayahe Keisha ngaturake panuwun marang tamu undangan.Â
"Alhamdulillah acarane lancar, matur nuwun kagem sedaya ingkang sampun rawuh, dumateng ibu, bapak, adhik, rencang-rencang, lan ugi keluarga kula, matur nuwun sanget awit donga saha wekdalipun, alhamdulillah kulo saged tekan titik iki, muga-muga apa sing dikarepake ing tembe bisa kawujud," kandha Keisha.