Sasi Ramadhan 2023 diwiwiti tanggal 22 Maret nganti 21 April (diperkirakake), SMA Negeri 1 Losari nggawe jadwal kegiatan sing bermanfaat ing tengah wulan Ramadhan iki.
  Ing awal Ramadhan, amarga siswa kelas 12 lagi ujian kelulusan, kelas 10 lan 11 diajak sinau ing omah utawa online.
  Ing antarane siswa kelas 12 sing lagi ujian lan sinau online kanggo kelas 10 lan 11, SMAN 1 Losari nganakake acara pesantren kilat(sanlat) kanthi sesi miturut jadwal sing wis ditentukake
   Pesantren kilat mujudake acara sing akeh manfaate, uga ana acara keagamaan
   Pesantren Kilat lumaku kanthi lancar kaya sing wis direncanakake, acara pertama di isi karo rombongan hadroh rohani Islam (rohis) SMAN 1 Losari kanthi lagu-lagu islami, sakwise iku diisi karo waosan ayat suci Al Qur'an , adicara saklajengipun dipun isi dening narasumber ingkang nerangake puasa lan wulan ramadhan, siswa dipundhawuhi nyimak penjelasan lan dipun paringi LKPD kangge nyerat menapa isi materi ingkang dipunparingaken, salajengipun sholat Dhuha dilaksanakaken berjamaah, salajengipun dipunlajengaken. kanthi tadarus Al-Qur'an bebarengan acara pungkasan yaiku game sambung ayat berbarengan karo anggota rohis
  sakwise program pesantren kilat rampung miturut jadwal sing wis ditentukake kegiatan ing SMAN 1 Losari ing wulan Ramadhan diterusake kanthi kegiatan belajar mengajar siswa kelas 10 lan 11.
  Siswa kelas 10 dipindhah menyang kelas ing kelas 12. Kanggo info saiki, kabare prei sadurunge Idul Fitri tiba ing dina Rebo (19/04/23).
penulis
nama: Tita Aulia
kelas:X.5
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI