Mohon tunggu...
Tamita Wibisono
Tamita Wibisono Mohon Tunggu... Freelancer - Creativepreuner

Penulis Kumpulan Cerita Separuh Purnama, Creativepreuner, Tim Humas dan Kemitraan Cendekiawan Nusantara

Selanjutnya

Tutup

Kurma Pilihan

Surat Kiye Dialamatna Maring Desa Tegalwangi

30 April 2023   22:13 Diperbarui: 30 April 2023   22:33 838
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

(Surat ini sengaja ditulis dalam dua bahasa, sebagai bagian dari turut serta merevitalisasi bahasa lokal/daerah khususnya bahasa ngapak pesisir Utara Tegal. Dilengkapi dengan terjemahan lepas dalam bahasa Indonesia sebagai upaya untuk mengenalkan, mensosialisasikan bahasa lokal, jika ada sedikit banyak kesalahan mohon dimaklumi)

Surat Ini Dialamatkan Ke Desa Tegalwangi,

Denpasar,30 April 2023

Kanggo Kampung halamane Enyong

 Desa Tegal Wangi.

Assalamualaikum, 

Ora krasa wis seminggu aku ninggalna Desa Tegal Wangi balik maring Denpasar- Bali. Asline tah ya esih kangen karo manene karo bapane. Kangen karo kabehan sing ana nang kana. Apa maning wingi olih kabar sing kanca-kanca, Pak Ustadz Yazid ninggal. Mbangkanane kaget, nelangsa rumangsa gemiyen tau diwulang ngaji. Enyong bisane mung kirim donga, muga-muga almarhum manjing suwarga. Amin Ya Rabbal Alamin.

Kepriben kabare wong nang kono kabeh? Sing Jakartanan apa wis pada mangkat ngulon maning? Yu Siti, Mba Iya esih dodol ora? Muga-muga kabeh pada bregas waras eben bisa ngasab luruh rejeki nggo bada taun ngarep. Manene karo Bapane Nyong toli kanca batir sing wingi kumpul kudune ya sehat kabeh. Pada bae karo enyong nang kene, bregas doyan mangan.

Saiki enyong wis anjog Denpasar maning. Embuh kenang apa, nang kene kayong ana mirip-miripe karo nang kono lagi jaman gemiyen. Mulane aku betah, kelingan lagi esih cilik mangan wuni, nang kene ya ana. Nang kena wonge kepenakan nemen sung, wis kaya nang kampunge dewek. Toli bisane yah, aran desa Tegalwangi be nang kena ana sung. Gemiyene kembar apa kepriben yah? Enyong tah penasaran nemen.

Surat kiye tak tulis eben mangseg, ajaha saiki arang-arang  sing pada nulis surat. Luwih akeh sing nanggo WA , jare uwih kepenak langsung anjog. Arane urip  adoh kana kena kepengin weruh kampung mbangkanane nemen. Tapi kepriben maning, ndeyan nembe bisa balik mono adang bada ngarep. Ora papa wis, sing penting ndongakna eben ora ana apa-apa nang kono. 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Kurma Selengkapnya
Lihat Kurma Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun