Mohon tunggu...
SURYO PURWANTI
SURYO PURWANTI Mohon Tunggu... Guru - Profesi Pendidik

Saya adalah seorang guru yang bekerja di Yayasan Pangudi Luhur. Hobi saya mengikuti berita terbaru

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Pekewuh

21 Desember 2022   09:55 Diperbarui: 21 Desember 2022   10:12 240
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humaniora. Sumber ilustrasi: PEXELS/San Fermin Pamplona

 

Tembung pekewuh ugi nduweni teges rikuh, canggung, ewuh, isin, sungkan, wedi. Sikap pekewuh ugi nduweni teges boten sekeca menawi dadosaken tiyang sanes lara ati utawi ngrugiaken tiyang menika. Ingkang utami inggih menika tansah menggalih tiyang sanes.

Budaya pekewuh inggih menika budaya ketimuran, prasasat sedaya tiyang mangertosi ngengingi budaya menika, mliginipun saben tiyang Indonesia mesthi tansah junjung budaya ewuh pekewuh utawi raos sungkan menika lan saged dipunwastani ngurmati tiyang sesaminipun.

Budaya ewuh pekewuh menika nduweni teges nggadhahi wates lan ningkataken rasa paseduluran wonten ing sakupenging kahanan, organisasi utawi pakempalan.

Budaya menika inggih patuladhan budaya timur ingkang nduweni ancas boten badhe ngisin-ngisinaken tiyang sanes utawi ndamel raos lara atine sapadha-padha.

Budaya ewuh pekewuh menika saking basa Sansekerta, ewuh nduweni teges repot lan pekewuh nduweni teges boten sekeca raosipun.

Ing budaya ewuh pekewuh wonten satunggaling rasa pribadhi ingkang nduweni raos kang alus lan nggadhahi tataran ingkang inggil wonten ing trap-trapaning njaga rasa tiyang sanes, ananging wonten ing sisih sanes ewuh pekewuh ugi mbatasi supados boten blaka suta nalika atur panyarwe sarta kaleresan. Bab menika asring kadadosan tiyang ingkang wonten ing tataran ngandap ingkang boten wantun ngandaraken panyarwe kalian tiyang ingkang kagungan tataran ingkang langkung inggil, saengga bab menika naleni tuwuhipun penggalih lan kreatifitas tiyang.

Ananging menapa ingkang kadadeyan menawi budaya ewuh pekewuh kalangkung kabablasan? Bab menika mesthinipun saged ngrendetaken lampahipun pakempalan lan ancasing ingkang badhe dipungayuh ing pakempalan menika.

Tuladha malih inggih menika atasan lan bawahan, dados sanajan ingkang lepat menika atasan lan asring dipunambali ananging bawahan mendel kemawon.

Nalika budaya ewuh pekewuh sampun kalangkung luwih, mangka damelaken tiyang matur "Yes Man" utawi penting bapak senang. Wonten wingking matur boten sarujuk ananging wontenngajeng matur sarujuk, kamangka boten wonten manungsa ingkang sampurna, sedaya manungsa prelu dipunlurusaken, dipunarahaken lan dipunparingi pengkoreksian dhiri.

Prekawisipun boten bab maturipun ananing kadospundi caranipun matur.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun