Sadawane dalan saka Srengat nganti tekan omah, senengku sundhul langit. Sore kang endahe nambahi isine ati, nalika ngliwati menggok lan munggah mudhune dalan Trenggalek tekan Ponorogo. Nalika surup lampu-lampu montor padha murub, kahanan ati uga saya jingglang. Jingglang nganti kepati-pati.
Dina Setu tanggal 28 September 2024, dadi tengere lakon nalika aku nekani undangan saka Sanggar Triwida ing acara Tetrawara utawa Temu Sastrawan Jawa Nuswantara. Mula rasane ya kaya ngimpi, aku ketemu karo piyantun saka manca sing kersa gemati nguri-uri Basa Jawa iku. Piyantun kuwi sapa? Yaiku George Quinn, sawijining pakar sastra lan budaya Jawa sing manggon ing Canberra, Australia.
Iki ana kedadean nyata, ”Mbak kopi cemeng.” Hla kok ana pitakonan cemeng niku napa. Aku ya banjur aweh katrangan marang mbak sing ayu kuwi. Cemeng menika ireng mbak. Karo ngopi tuwuh angen-angenku menawa Basa Jawa pancen kudu luwih cedhak karo para nom-noman. Ora mung kanggo wong-wong sing karan generasi tuwa, basa Jawa kudu ana ing papan-papan sing dadi bagian ing saben dina sing dilakoni dening para nom-noman saiki. Embuh kuwi ing angkringan, restoran, utawa papan nongkrong sing rada elit utawa pancen elit tenan.
Labuh labete George Quinn kanggo njaga supaya Basa Jawa tetep lestari ing lathine wong-wong Jawa supaya tansah ana ing zaman modern pancen kudu dadi gas inspirasi kanggo wong Jawa dhewe.
Mula kebeneran banget aku bisa ketemu ing dina kuwi, ”Menika dados guru Basa Jawi,” ngono sing dakrungu ngendikane Mbah Woto marang George Quinn.
George Quinn, asmane wis dakrungu wiwit kuliah biyen lan saiki aku bisa ketemu, salaman, lungguh ing sandhinge. Impen iki dadi nyata matur nuwun Gusti lan aku kok banjur nduwe impen bisa mabur tekan daleme ing Canberra Australia.
(Pendhapa Ageng Hand Asta Sih, Srengat Blitar, 28/9/2024)
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H