Mohon tunggu...
Supriyoko
Supriyoko Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa SMP Negeri 1 Parang

Olahraga

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Sasi September Awor Piyantun Malati

11 September 2024   06:00 Diperbarui: 11 September 2024   06:12 125
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber pribadi : Mas Wahyu

SASI SEPTEMBER AWOR PIYANTUN MALATI

 

"Bapak Bupati terus ke depan kami harus bagaimana?" keprungu pangandikane Pak Hardi ing acara Mbulan Ndhadhari. Pak Hardi anggone ngendikan ya katon groyok, kegawa tangise ati arep ditinggal jengkar bapak bupati. Aku lungguh ing sisih kulon, rasane ya kudu nangis. "Sesuatu yang baik teruskan saja" ngono sing dakeling ing sasi September taun 2023.  

Mbulan Ndhadhari sasi September uga dirawuhi bapak bupati. Sasi September iki minangka sasi pungkasan Mbah Woto minangka bupati ing masa jabatan 2018-2023. Ora krasa Mbulan Ndhadhari wis ngancik episod kaping lima las ing sasi kuwi. Bungah lan susah nyawiji ing ing lakune Mbulan Ndhadhari saben sasine. Kanggoku bengi kuwi rasane ati ora karu-karuan.

Dina Selasa Legi, Selasa neptune 3, Legi neptune 5. Ing dina sing neptune 8 ngepasi tanggal 23 Oktober 2018 mujudake dina kang ora dinyana dening kanca-kanca MGMP Basa Jawa. Amarga apa? Hlo kok ana undangan kanggo MGMP saka Dikpora kang isine pengarahan saka Bupati Magetan. Saliyane Basa Jawa, sing diundang ana patang mapel sing kalebu mapel Ujian Nasional, yaiku mapel Matematika, IPA, Basa Inggris, lan Basa Indonesia. Ya ing dina kuwi aku sepisanan ketemu karo Kang Woto minangka bupati Magetan taun 2018 nganti 2023.

Sumber pribadi : Acara Mbulan Ndhadhari
Sumber pribadi : Acara Mbulan Ndhadhari

Aku mung guru ndesa yen wusanane bisa mlebu metu Surya Graha, kanggoku ya ngudubilah banget. Sing genah akeh crita sing bisa kanggo sinau, lan banjur daktularake marang sapa wae sing gelem ngrungokake critaku. Panjenengane kalebu piyantun sing visioner, apa sing dingendikakake bisa nambah kawruhku. Proyek strategis ngenani Pusat Graha Literasi, rumah sakit, sirkuit, lan liya-liyane aku nampa bocoran alus nalika aku ditimbali.

Sanajan mula bukane aku ya ora nyana ora ngira bisa nduwe lelakon sing kaya mangkono. Mlebu metu Surya Graha, nata Mbulan Ndhadhari, ngewangi porto polio kanggo nampa anugrah Nugra Jasa Pusta Loka. Menyang UNS nalika bapak bupati nampa undangan maos geguritan ing kana. Macakake tulisan piagam lawas tulisan aksara Jawa kiriman saka putra mantune sing saka Landa. Ngewangi nata buku, nggawe pengantar, aku usul supaya maos cerita cekak ing acara Gola Gong ing acara safari literasi. Aku bisa ketemu mbak Okky Madasari ngobrol ngenani literasi ing Magetan. Aku nampa dhawuh saka Bu Titik maca geguritan Biyung ing acara Ulang Janji Pramuka. Bupati lan ibu kersa dadi paraga ing lagu Dalan Kembar. Aku nate didukani Bu Titik, yen aku angel diatur. Pancen aku nolak nalika aku diutus pindhah pegawean saka guru dadi pegawe kantor.

Sumber pribadi : Mas Wahyu
Sumber pribadi : Mas Wahyu

September kebak crita lan sing dadi pitakonan jroning ati, kok ya aku ngimpi numpak montor bareng bupati. Ngimpi jare kembange turu, aku nggraita ngono wae tanpa nduwe angen-angen liya. Sesuke aku WA. "Sugeng siyang, gangsal taun sampun nampi bimbingan lan ngapunten saking wontenipun lepat kula. Matur nuwun".  Bapak Bupati: Matur Nuwun sanget mas Priyoko.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun