Mohon tunggu...
Supriyoko
Supriyoko Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa SMP Negeri 1 Parang

Olahraga

Selanjutnya

Tutup

Joglosemar

Nemu Guru Mening

5 September 2024   20:30 Diperbarui: 5 September 2024   20:40 51
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Pribadi
Pribadi

NEMU GURU MENING

        Wengine wis ngancik jam rolas bengi, mripat sejatine ya wis krasa ngantuk. Ing pojok kamar 107 @ Home Horison Semarang, aku mbukak laptop. Arep mapan turu, kok ya ana rasa eman, yen sengkeran karep ora enggal dakdadekake orek-orekan. Orek-orekan entheng nalika diajak Pak Hardi Kepala Dinas Arpus Kabupaten Magetan.

       Aku kelingan setaun kepungkur, sing kaya-kaya lagi dhek wingi sore nalika karo panjenengane menyang UGM. Wektu menyang UGM saliyane aku ana Pak Joko, Pak Ganef, lan Pak Endro anggota Mbulan Ndhadhari. Saperlu studi tiru menyang perpustakaan Fisipol UGM. Hla pas ing UGM senengku ora jamak. Saumur-umur ora nate mara rene. Kampus kondhang kaloka sing uga panggonan kuliahe Mbah Woto bupati Magetan taun 2018 nganti 2023.

       Nalika menyang Semarang iki aku, Pak Kadi lan Pak Ganef diajak melu studi bandhing karo Dinas Kearsipan dan Perpustakaan Kabupaten Semarang, sing manggon ing jalan Pemuda no 7, Sembungan, Ungaran, Kecamatan Ungaran Barat, Jawa Tengah. Kanggoku acara iki kena kanggo ijole nalika perpisahan kepala sekolahku menyang Semarang aku ora melu. Wektu kuwi bebarengan karo acara Mbulan Ndhadhari.

       Nalika mampir salat Ashar ing rest area Pendhapa Salatiga, aku nemoni wewujudan wayang sing memper robot. Wayang kuwi bisa obah bebarengan karo lagu-lagu nasional. Aku kok seneng, senengku kaya bocah weruh dolanan. Wayang sing memper robot kuwi wujude tokoh Gatotkaca. Aku karo pak Ganef banjur nyedhak saperlu poto lan midhiyo. banjur bablas menyang mushola sing ana ing tingkat loro.

       Bubar salat Ashar, aku lan Pak Ganef liwat maneh ing ngarepe paraga Gatotkaca, hla kok nduwe angen-angen pengin njupuk gambar  maneh. Gatotkaca sing ngadeg pidegsa kuwi jebule nyambut gawe ateges ngamen. Eketan ewon taklebokake tas cilik ing bangkekane sawise aku poto.

       Ing njero montor aku kelingan, kandhaku marang murid-muridku yen kabeh wong kuwi bisa didadekake guru. Aku  tekan Semarang amarga ana sing ngajak, bisa weruh Simpang Lima sing sasuwene iki mung dakrungu saka lagu Simpang Lima anggitane Ki Narta Sabda

       Aku bisa mlaku bareng karo Pak Hardi, Mas Rahmat, Pak Ganef, lan Pak Kadi. Poto-poto ing cedhake tulisan Simpang Lima. Malah bisa ketemu mbak-mbak jasa poto sing bocahe manis, jare mahasiswa salah siji perguruan tinggi ing Semarang. Urip saderma nglakoni, matur nuwun Gusti ing dina iki pancen nemu guru sing mening.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Joglosemar Selengkapnya
Lihat Joglosemar Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun