Painah: Yu Ratmi, wis krungu apa durung, anake bu Tati mondok maning nang rumah sakit."
Ratmi: Iya, mau mamake nyong crita. Jere si Bagas mriyang maning. Ujarku bocah koh bola-bali mriyang. Cileren temen ya. Angah-ingih kaya udu anake wong sugih..."
Painah: iya koh yu... ya gara-gara bocah kawit bayi wis kakean mangan jangan, dadi tekan umuran SD ya kayong ingah-ingih.
Ratmi: Jangan? Lah ya tega temen ana bocah kawit bayi mangan jangan? Wong tuane bae sing kurang anthok ya.. Jangan apa si Nah?
Painah: Yaaa... jangan werna-werna pokoke. Jangan main air! Jangan main lemah! Jangan udan-udanan! Jangan angin-anginan! Jangan jajan sembarangan ! lan 'jangan' liane. Akibate bocaeh kaya kae.. ora kuatan!! dela-dela mriayng. Akibate, awake ora biasa kenang kuman, akhire malah dadi kaget, ora kuat nglawan penyakit... Jerene kaya kuwe... Aku wingi maca nang Kompas Yu...
Ratmi: OOOOOoooooo... bunder ya Nah?? Ujarku jangan jantung apa jangan lentre!!
Hehee.... Salam Ngapak!!!
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI