Paijo anake wong sugih, dadi bocaeh madan gemagus. Senengane mamerna sugihe aring batir-batire nggo sombong-sombongan.
"Njul, ko nek sedina madang ping pira?" takone Paijo maring Panjul kanca sekolahe neng SMA. Panjul madan mededeg dadi ketone arepmelu nyombong.
"Ngapa takon-takon? Garepan aweh apa? Nlaktir ya genaeh !" jawabe Panjul karo madan cengengesan.
"Jawab disit. Ngko tek tlaktir..."
"Ya kadangan ping 3, kadang ping 6..Nek ramane ngodene lagi madan kasil ya nyong madang bae.."
"Lawueh?"
"Sedingaeh lah.. ketemu ayam ya madang karo ayam, ketemu sapi yang madang karo sapi.. kadangan ketemu wedus, ya madang karo wedus !!" Panjul tambah nyrengenges.
"Ora percaya nyong. Bapamu ngode apa sih koh mangane enak-enak temen !"
"Enak kepriwe Jooo?? Lha wong madang karo ayam maksude nyong madang bareng karo ayam, kadang madang bareng sapine tanggane apa weduse tanggane koh!! Enake ya dadi cepet wareg, soale ambune kewan kan maregi mbok????"
Hahaaa... Paijo semaput krungu jawabane Panjul: "Oalaaahh.. ujarku wis waras, jebul....."
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI