Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Pituture Simbok

22 Juli 2011   06:56 Diperbarui: 26 Juni 2015   03:28 189
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Dina Jumuwah esuk, rikalane aku lagi resik-resik ana mesjid kaya padatan saben dina Jumuwah, aku jondhil kaget merga ana swara seru kang agawe kaget.  Durung ilang kadetku wis disusul swara bledhosan-bledhosan makaping-kaping, kesaru gumuyune bocah-bocah pating cengenges.  Bocah-bocah sing pinuju ora sekolah, padha nyulet mercon sns rstsn sscedhske mesjid sing nembe dak resiki. Swara mercon leren sawetara wektu, uga ora keprungu guneme bocah. Sajake mercone wis entek, banjur padha dolanan liyane.  Aku nerusake gaweyan alon-alon nganti rampung kira-kira tabuh sanga esuk.

Rikalane aku lagi wae rampung nggelari karpet sadurunge bali, sepisan maneh aku njondhil kaget. Bocah-bocah sing mau padha ora keprungu swarane, jebul padha lunga menyang warung tuku mercon maneh.  Dak setitekake ana bocah telu umuran enem tahunan padha nutupi kuping karo ngadoh saka mercon sing disulet. Dorrrr! Bocah-bocah mau padha surak-surak seneng.

Bareng mari kagetku, aku banjur kelingan rikala aku isih bocah. Simbok wis mesthi muring-muring saben aku sakanca padha nyulet mercon utawaq dolanan mercon bumbung. Wektu iku aku pancen rada gela saben-saben dipenging nyulet mercon, utawa dolanan mercon bumbung. Nanging, senajan gela, aku manut marang apa sing dingendikakake simbok. Saiki nembe dak rasakake bener apa sing dadi pituture simbok.Aku kelingan kanthi cetha ngendikane simbok nuturi aku sakanca.

"Le, anakku, lan kowe kabeh. Dak kandhani, satemene nyulet mercon utawa dolanan mercon bumbung iku satemene ora ana pigunane, malah kepara akeh bebayane. Coba pikiren. Menawa kebenran ana priyayi sing duwe lara jantung, kaget merga jebluge merconmu, banjur wong kuwi kumat larane utawa malahtumeka pati; apa kowe ora rumangsa luput? Apa maneh menawa sing nemoni bilahi mau wong tuwamu dhewe utawa sedulurmu, apa kowe ora kelangan gedhe?"

Aku sakanca manggut-manggut, sarujuk lan nampa pitutre simbok mau. Sabanjure simbok nerusake ngendika :

"Saben-saben kowe kabeh padha tuku mercon, utawa tuku lenga kanggo nguneake mercon bumbung, satemene rak ya ora ana bathine apa-apa, ta? Coba etungen, saben sajeblugan mercon kuwi, pira dhuwit sing wis diguwang muspra, tanpa paedah. Rasa senengmu merga jeblugane mercon iku bisa agawe susahe wong liya. Satemene sing seneng lan oleh bathi saka jebluge mercon iku mung para bakul lan pawongan sing gawe mercon. Kamangka ana kalane yen lagi ketiban apes, ajeg kedadeyan pawongan sing gawe mercon mau nemoni kapitunan gedhe, jalaran barang-barang sing digawe mercon utawa tandhone mercon sing durung kober didol mau padha jeblug dhewe merga kepanasen. Mula saka iku, yen awakmu isih percaya karo piwales ing dina kiyamat, aja padha diterusake anggonmu dolanan mercon".

Aku uga kelingan rikalane salah siji saka kancaku awake kobong jalarane mercon bumbung sing diunekake nyembur balik menyang awake, lenga sing wis panas saka sajerone bumbung muncrat ing awak, bareng karo geni sing ana uthik sing arep dienggo nyulet mercon bumbung mau. Pancen, nyulet mercon utawa mercon bumbung satemene luwih akeh bebayane, lan ora ana paedahe.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun