Pak Peyut Pak Bomba Pak Lawa
Tumrape sedulur sing nate urip ana ing karang pradesan utawa pareden ing tlatah Gunungkidul iring lor, ing tapel wates karo Klaten; mesthi nate miring tetembung pak peyut pak bomba pak lawa; kaya dene irah-irahane tulisan iki. Jaman cilikanku, udakara tahun 1970 nganti tekan tahun 1980-an lumrah banget tumrape bocah-bocah ing dhusunku kang mapan ing perengan Gunungkidul sisih lor, saben bengi padha gegojegan lan geguyon ing prapatan, utawa ing sadhuwure watu tlatar sing lumayan jembar.
Minangka gambaran, papan dunungku wektu iku pancen klebu mencil, dalan sing ana babar pisan ora bisa diliwati tetumpakan. Saben pawongan kang liwat, anane mung kanthi lumaku, ora ana sing nitih tetumpakan. Senadyan dalane lumayan amba, nanging anane undhak-undhakan ing saben dalan sing munggah, mesthi wae ora bisa diliwati tetumpakan. Mula saka iku, bocah cilik nganti nom-noman, kulina teturon ing prapatan, ora was sumelang dilindhes rodha tetumpakan liwat.
Tetembungan pak peyut pak bomba pak lawa sing dadi irah-irahan tulisan ini, kerep keprungu minangka salah sawijine tembung cangkriman. Wektu iku, aku sakanca anane mung ngerti bethekane, yaiku TEPAK CEMPE CIYUT, TEPAK KEBO AMBA, TEPAK ULA DAWA. Minangka bocah udakara umur sepuluh tahun, ora nate takon luwih jero ngenani werdine tetembungan iku. Para pinisepuh uga ora nate ngandhani apa werdine tetembungan iku. Anane tembung iku mung minangka cekakan kanggo cangkriman wae.
Sawuse umurku luwih saka lima setengah windu, rikalane wektu longgar, kala-kala aku lam-laman jaman cilik. Kelingan cangkriman Pak Peyut, Pak Bomba Pak Lawa, dak othak-athik kawistara yen para sesepuh dhek biyen satemene paring piwulang kanthi cangkriman iku. Menawa digathukake karo paribasan gajah mati ninggal gadhing, macan mati ninggal welang (belang = loreng), tembung cangkriman Pak Peyut, Pak Bomba Pak Lawa ngemot sawijining sasmita.
Pak Peyut, Pak Bomba Pak Lawa, tepak cempe ciyut, tepak kebo amba, tepak ula dawa; paring sasmita, saben pawongan duwe darma bekti lan duwe tanggung jawab jumbuh karo kalungguhan lan drajade. Tepake cempe mesthi wae ciyut jalaran pancen sikile cempe iku cilik. Wong cilik sing asor drajade, mesthi wae darma bekti lang tanggung jawabe cilik. Ewadene tepake kebo pancene amba jalaran sikile kebo pancen gedhe. Mula para priyayi sing duwe kalungguhan agung mesthi wae duwe darma bekti lan tanggung jawab sing luwih gedhe. Ngenani dawane tepake ula, saben pawongan salawase uripe mesthi bakal ninggal tilas. Ana saweneh sing ninggal tilas becik, nanging uga akeh sing ninggal tilas ala. Saben pawongan diajeni manut darma bekti lan tanggung jawabe rikala isih sugeng. Semono uga sawise seda bakal diajeni manut tilas (amal) sing nate ditindakake rikala isih urip. Kaya dene sing kamot ing kitab suci :
فَمَن يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًۭا يَرَهُۥ ﴿٧﴾ وَمَن يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍۢ شَرًّۭا يَرَهُۥ ﴿٨﴾
Sak sapa sing tumindak becik senadyan sabobote lebu dheweke bakal nampa ganjarane. Sing sapa tumindak ala senadyan sabobote lebu uga bakal nampa pinwales. (Al Zalzalah : 7-8)
Uga kang kamot ing surat Al Qori’ah ayat 6 – 9 :
فَأَمَّا مَن ثَقُلَتْ مَوَٰزِينُهُۥ ﴿٦﴾ فَهُوَ فِى عِيشَةٍۢ رَّاضِيَةٍۢ ﴿٧﴾ وَأَمَّا مَنْ خَفَّتْ مَوَٰزِينُهُۥ ﴿٨﴾ فَأُمُّهُۥ هَاوِيَةٌۭ ﴿٩﴾
Sing sapa timbangan amal becike luwih abot. Dheweke bakal urip kebak kamulyan. Sapa sing timbangan amal becike luwih entheng. Kanggone dheweke dicepaki neraka Hawiyah.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H