Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Dongenge Simbok: Piwulange Uler Keket

30 Juli 2010   16:09 Diperbarui: 26 Juni 2015   14:26 190
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Munyuk

Wiwitan mangsa rendheng, utawa pungkasane mangsaketiga biasane dibarengi karogogroging gegodhongan tuwa lan gumanti crubusan enom sing seger. Kejaba iku, akeh-akehe wit-witan ora ana wohe sing bisa dipangan. Upama isih ana saperangan akeh-akehe wis garing, utawamalah bosok. Kahanan kang mengkono kuwi, mesthi wae agawe susahe saperangan kewan kang panganane woh-wohan. Kethek klebu kewang kang rumangsa susah, jalaran mider tekan ngendi-endi, saben wit-witan dipenek, nangin dheweke ora nate nemokake pangan.

Bareng wis kesel, si kethek thenger-thenger ing salah sawijining pang kang akeh crubusane. Pupus-pupus enom, ana kang semburat abang, ana kang ijo seger, menawa dideleng satemene katon nyengsemake. Lagi ngalamun nganut lakune pikir, si kethek gragapan jalaran saka sacedhakekupinge ana kang aruh-aruh.

‘Eh…….. sedulur kethek, dak sawang wiwit mau, wiwit awakmu munggah ing wit iki lan methangkring ana pang kuwi, sajake awakmu katon sedih lan bingung. Yen awakmu ora kabotan, critoa marang aku, awakmu lagi mikirake apa?”

Si kethek sing kaget, thingak-thinguk goleki asale swara sing nembe aruh-aruh marang dheweke. Saubenge papan kuwi kabeh wis ditamatake, nanging dheweke tetep ora nemokake asale swara mau. “Apa aku iki mau ngimpi, apa pancen ana sing aruh-aruh marang aku? Yen pancen ana sing aruh-aruh, dak tamatake nganti njlimet aku ora nyumurupi siji wae makhluq ana sacedhakku. Kamangka genah yen swara mau cetha cedhak banget. Aja-aja papan iki ana dhemite?”

“Sedulur kethek…………, sampeyan aja bingung. Aku ana cedhak kupingmu. Pancen rada angel mbedakake awakku karo papanku manggon, jalaran rupane kulitku pancen padha karo godhongSwara kuwi keprungu aneh. Bareng si kethek namatake godhong pupus ing sandhinge, si kethek meruhi yen ing kono ana uler keket sing lagi iwut mangan.

“Wooooo……… jebul kowe ta Keket. Dak kira yen dhemit sing baureksa wit iki. Ngene lho uler keket, aku iki mau wis mider mubengi meh kemput saambane alas. Nganti kesel sikil lan tanganku, ngelih wetengku, nanging aku ora ketemu siji wae who-wohan sing bisa dak pangan. Mula saka iku, aku dadi sedhih lan bingung, kepriye carane nyambung urip dina iki lan sesuk?”Si kethek njlentrehake kahanane sing lagi keluwen.

“Oooooo…… ngono? Lha mbok aja mung njagakake woh-wohan kanggo nyadhongi pangan. Yen kowe gelem tiru aku, mesthi wae ora perlu kangelan golek pangan. Pupus-pupus godhong kang ijo seger iki, kudune bisa kanggo nyambung urip nalikane ora ana who-wohan.” Si uler keket menehi pamrayoga marang si kethek.

Si kethek manggut-manggut, matane sajak mencorong ngemu pengarep-arep. Nanging dheweke isih samar, lan tidha-tidha. “Wah……… sajake pamrayogamu pancen cocog. Nanging………… aku ora ngerti godhong endi sing bisa dak pangan. Aja-aja aku mengko dadi mendem lan klenger merga kleru milih godhong.”

Yen kowe isih was sumelang, samar kleru milih godhong, awakmu bisa nyoba niru aku lan kanca-kancaku. Saben godong sing bisa dipangan uler, mesthi bisa dipangan dening sadhengah makhluq. Nanging yen uler ora doyan mangan godhong ing sawijining wit, aja pisan-pisan dicoba, merga awakmu bisa mendem lan tiwas jalaran godhong mau ana racune.” Si uler keket neranganke tetengere godhong kang bisa dipangan lan ora mbebayani tumrape sing mangan. Si kethek kang wetenge pancen ngelih, age-age methik pupus-pupus godhong ing sacedhake methangkring. Kawitan pancen rasane ora enak, nanging suwening suwe ilat ngrasakake enak. Apa maneh wetenge pancen uga nampa pangan anyar kang lumebu. Mula wiwit dina kuwi, si kethek ora wigih-wigih mangan gegodhongan menawa dheweke ora nemokake who-wohan jalaran lagi ora mangsane. Pancen, wedhare ngilmu ora mesthi saka kang kalungguhane luwih mulya, nanging bisa saka sapa wae.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun