Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Dongenge Simbok 5 : Sulinge Nabi Soleman

29 April 2010   05:59 Diperbarui: 26 Juni 2015   16:31 205
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Merga ngrasakake kesele awak, kancil mandhegleren ana sacedhake dhapuran pring. Kapinujon, awan kuwi hawane pancen panas.Sing dadi kawigatene kancil saka dhapuranpring kuwi, saben ana sumribite angin mesthi keprungu swarakang ngayut-ayut kaya dene wong kang ngunekake suling. Kena siliring angin lan swara geritane pring gathuk, kancil dadi ngantuk, liyer-liyer.

Ora let suwe saka anggone antuk-antuk kancil ana tekane macan tutu ling papan kono. Ngerti ana kancil sing lagi antuk-antuk, si macan mau nubruk awake kancil saka buri arep di pangan.

“Sapa ya iki salah gawe marang aku. Apa ora ngerti yen aku iki lagi nindakake dhawuh sakaNabi Soleman.?” Pambengoke kancil golek akal supaya bisa uwal saka regemane macan tutul.

“Ora usah kakehan omong, yen pancen awakmu arep duwe penjaluk utawa pesen marang sedulurmu, omonga saiki sadurunge kowe dak pangan, Cil” wangsulane macan tutul karo nambahi keceng anggone mithing awake kancil sing ora sepiroa gedhene kuwi.

“Yen pancen kowe kepingin mangan dagingku, mengko yen aku wis mbok pangan , kowe kudu nggoleki Kanjeng Nabi Solemanlan matur kowe sing tanggung jawab nggenteni kewajibanku” sahute si Kancil karo pringisan merga kelaran kena kuku-kuku cakare si macan.

“Lha, pancene kowe didhawuhi apa karo Nabi Soleman, Cil?” si macan sajak kepengin mengerti, lan nyuda anggone mithing si kancil.

“Yen kowe kepingin ngerti apa sesanggemanku tumrape Nabi Soleman, iki awakku diuculake dhisik, supaya aku bisa ambegan landhung. Mengkone anggonku ngomong dadi cetha”, atine kancil rada bungah jalaran rekadayane sajak bakal kasil.

“Dak culke, nanging aja pisan-pisan kowe mlayu. Sepira dayane kowe mlayu dak oyak mesthi kecekel. Wis, saiki ndang ngomonga, apa dhawuhe Nabi Soleman marang kowe? Mengko dak genteni nglakoni dhawuh kuwi” omong mengkono karo nguwali anggone mithing kancil.

“Aku iki mau didhawuhi njaga sulinge Kanjeng Nabi Soleman sing disimpen ngi dhapuran pring iku. Merga krungu swarane suling sing ngayut-ayut, bareng karo sumilire angin, mataku dadi ngantuk.” Si kancil njlentrehake sesanggemane marang macan sawise nata ambegan.

“Lha koq aku ora krungu, Cil. Kowe aja ngapusi aku, lho” si macan maido.

“Kanjeng Nabi Soleman ngendika yen sing bisa ngrungokake swara sulinge kuwi mung kewan sing ora mangan daging. Lha yen kowe, Can, gaweyanmu saben dina mangani daging kewan liyane sing luwih cilik. Iki Mau aku meh wae mbok pangan.”Kancil ngethuprus anggone awh katerangan marang macan.

“Wah……….. kojur iki. Kamangka aku kepingin banget ngrungokake swara sulinge Kanjeng nabi Soleman sing kondhang kuwi je, Cil. Apa ora ana cara kanggo ebus kleruku mangani kewan liya supaya aku bisa ngrungokake swara suling kuwi, Cil” si macan ngarih-arih kancil.

“Kanjeng Nabi Soleman ngendika, yen kanggone kewan sing doyan mangan daging, yen kepingin ngrungokake swara suling kudu nyebul dhewe, kanthi nempelake ilate ana cedhak gathukan pring loro kuwi nalika ana angin sumilir rada banter. Kanthi cara mengkono, suling mau baka muni, lan awakmu bisa ngerti swarane sulinge Kanjeng Nabi Soleman.” Ngono pratelane kancil nanggapi pitakone macan.

“Wah….. yen mung ngono kuwi syarate, gampang kanggone aku. Pring sing endi cil sing kudu dak sebul?” si macan sing wis kebelet kepingin ngerti swara suling ngangseg marang kancil.

“Ana kene iki. Ilatmu templekna ana pring iki. Mengko yen ana angin, kowe ora kena kaget, kepara merem. Nanging ngendikane Nabi Soleman, yen sing ngunekake suling mau seneng mangan daging, suwarane seru tur marakae kupinge kwan sing ora doyan daging bisa pecah. Nanging tunrape kewan sing doyan daging bab mau ora dadi masalah. Mula sadurunge ana angin, aku kudu sumingkir rada adoh” ngono akale kancil arep ngoncati si macan.

“Yaw is, kana awakmu ndang lunga. Tinimbang kowe mengko kelaran terus bengok-bengok, nggangu anggonku ngrungokake swara suling sing ngayut-ayut kuwi.” Si macan nggusah kancil karo nyedhaki dhapuran pring nalika lekas krasa semilire angin.

Mesthi wae si Kancil banjur mlayu sipat kuping ngadoh. Bareng wis sawetara adohe, kancil noleh jalaran ana gembrubug swara angin kang tumempeuh ing wit-witan. Macan sing kena apus kramane kancil kuwi nemplekake ilate ing pring sing mau dituduhake kancil. Bareng karo tekane angin, pring loro sing gathuk mau wiwit padha gerit ngetokake swara. Merga saka gerite pring loro mau, ilate si macan kejepit ing antarane pring loro. Si macan njola kepati ngrasakake ilate meh pedhot, njondhil-njondhil ngrasake larane ilat kang godres getih.

Wadhuh………………………….. wadhuh………………. Jebul si kancil ngapusi aku. Titenana kapan ketemu bakal dak gaglak tenan” Macan bengok-bengok karo ngrasakake larane. Lagi krasa menawa dheweke wis diapusi dening kancil.

(Ditulis kembali berdasar ingatanku kepada dongeng simbok ketika menamani tidur sewaktu aku kecil)

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun