Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Dongenge Simbok 10: Kancil Mangsa Macan

25 Mei 2010   03:23 Diperbarui: 26 Juni 2015   15:59 536
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Sawise ngulandara ngubengi alas, nasak grumbul nyabrangi kali, munggah gunung mudhunjurang, si Kancil tekan ana sawijining sumur sing banyune bening banget.Amarga saka beninge banyu nganti bisa kanggo ngilo, wewayangan kang katon ing jero banyu sumur kuwi cetha banget, nganti kaya-kaya ana kembaran kang nana sajeroning banyu. Sawise ngombe sacukupe, kancil ndheprok ana sacedhake sumur kuwi karo antuk-antuk kena sumilire angin. Si kancil ngalamunake maneka warna lelakon kang wis diliwati, klebu nasib apese nalika kapusan pepethane pak tani sing diwenehi pulut, meh wae kancil mati didadekake kancil dhendheng.

Lagi ngenam-nam pikir ngenani lelakone, si kancil dikagetake suwara abot saka burine, sawijine macan wis ngejejer ana burine kancil. “Hahahahahaha………………sida sarapan daging kancil dina iki.” Kancil kaget jalaran swara mau pancen wis cedhak banget, malah ambegane krasa ing cengele kancil. Menawa kancil arep mlayu, mesthi wae ora bisa, jalaran ing ngarepe sumur jeru tur amba, mlayu ngiwa utawa nengen wis mesthi wae awake kancil gampang diregem dening wewujudan ing burine.Mula kancil babar blas ora niyat kanggo mlayu, nanging golek akal kepriye anggone bakal gawe apus karma supaya bisa uwal saka bebaya.

Kelingan beninge banyu sumur ing ngarepe, kancil nemu akal. “Oooo………… kowe ta, macan. Apa kowe mau during sarapan, koq sajak keluwen? “

“Hahahahahahahahahahahaha…………………. Genah during. Iki lagi arep sarapan daging kancil”. Semaure si macan karo ngisis untune sing landhep.

“Husssss…………………… aja amba-amba olehmu mangap. Ambeganmu ki mambu banget, apa kowe bar mbadog bathang, can macan??” si kancil nggetak rada seru.

“Haep.. Eh…… ambeganku mambu ya, Cil?? Lha piye maneh, macan ki ora kulina sikatan je” sauwat si macan mingkem

“Dhasare kowe seneng mangan bathang, Can. Aku ora sikatan, nanging ambeganku ora mambu,Jalaran aku ora nate mangan bathan, panganku trima sayuran ijo utawa waoh-wohan sing isih seger. Haaaah……. Iki ambeganku ora mambu ta, can?” Si kancil mangapake cangkeme, karo rada mbekos. Mesthi wae macan kaget merga ambegane kancil uga mambu.

“Huuuuuuh………………….. ambune…………. Jare ambegane ora mambu, nyatane bacin banget. Wis ora usah kakehan omongan, mapana sing apik. Ora usah polah, kareben anggonku mangan dagingmu ora kangelan” sambunge macan karo sikile ngarep tengenmithing pundhake kancil.

“Hahahahahaha………………………… mambu ya, can. O……………….. iya, iki mau aku lagi wae rampung mangan kancamu siji, mung torah endhase thok, dak cemplungake ana sumur. Sapa ngerti sesuk aku kepingin mangan endhas macan ora perlu golek, mung kari njupuk ana jero sumur. “ Si kancil ngoceh ngumbar gorohe kanggo ngapusi macan.

“hahahahahahahahahaha…………………………………………. Aja ngaya wara, cil. Ngendi ana macan kalah karo kancil nganti bisa dipangan kancil. Kowe yen arep apus-apus aja karo aku, tetunggule macan ana alas kene iki. Hahahahahahahahahahahaha…………………………………” si macan gumuyu latah-latah, maido omongane kancil. Nanging ing sajroning atine macan tuwuh rasa aneh, dheg-dhegan was kuwatir omongane kancil mau bener.

“Yen kowe ora percaya, ungaken dhewe , jeron sumur kuwi ana endhase macan apa ora???? Aja mung bisa maido. Aku iki kewan kekasihe Nabi Soleman, dadi apa sing dak kakrepake akeh kang kaleksanan. Kepingin mangan macan, dilalah ana macan nglipus turu, lha rak mung kari mbeleh lan mangan sawarege wetengku” si kancil mbangetake gorohe supaya bisa ngapusi macan, lan nylametake uripe.

Si macan alon-alon nyedhaki lambene sumur sing bening kuwi. Saeba kagete, nalika dheweke ngungak jero sumur katon ana endhas macan gedhene padha dheweke, matane mencereng. “Bilaik…..jebul ana endhas macan tenanan”

“Ana apa, can?? Koq kaya tratapan wedi?? Apa aku ngapusi kowe??” Si kancil mbebeda macan sing isih kamitenggengen weruh emacan ana jero sumur. Alon-alon si macan mundur ngedohi pinggire sumur.

“A………..anu, cil. Tenan kuwi endhas macan turahanmu mangan???” Suwarane macan rada groyok jalaran rada keweden.

“Lha kowe ngerti, sing ana kene wiwit mau sapa? Apa ana liyane aku karo kowe ana papan iki. Apa kowe rumangsa mangan kancamu?? Yen ora, mesthi wae sing mangan kancamu kuwi ya, aku, kancil” Si kancil wiwit rumangsa menang, lan sansaya gedhe atine.

“Nanging kowe rak ora arep mangan aku ta, Cil??? Ajay a, aku rak kancamu, Cil.” Si macan ngrerepeh njaluk diwelasi.

“Jan-jane ya isih kepingin mangan macan loro maneh. Nanging kebeneran nasibe awakmu, wetengku isih wareg” Si kancil tambah umuk.

“Aja, Cil. Aku njaluk ngapura marang kowe. Sepisan maneh aku njaluk aja dipangan ya, Cil.” Si macan katon wel-welan awake ngampet rasa wedi.

“Sadurunge aku malik pikiran, age-age kana lunga saka kene. Yen nganti wetengku ngelih, sida dak pangan awakmu mengko. Kana enggal lunga sing adoh, aku arep ngaso..” Si kancil ngancam macan sing isih njegegreg ana ngarepe.

“Yooh, yaoh, Cil. Aku pamit” muni ngono si macan mencolot mlayu sipat kupingnlasak sajerone alas sing kebak ri bebonhotan. Kancil sing nyumurupi kedadeyan kuwi ngampet guyune, merga kasil ngapusi macan. Rasa dheg-dhegan sing sekawit ngebaki atine ganti rasa mongkog wis menang musuh macan.

“Dhasar macan ompong goblog, weruh ayang-ayangane endhase dhewe wedi kepati” Sawise ngombe sethithik saka banyu sumur kuwi kanggo ngilangi rasa dheg-dhegan lan nelesi krongkongane, si kancil mlaku alon ngubengi mabane sumur tumuju ara-ara amba sing akeh sukete ijo royo-royo katon seger.

(Ditulis sesuai ingatanku akan dongeng simbok sewaktu menemaniku tidur kala kecil)

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun