Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Ciblon

10 Juli 2012   13:33 Diperbarui: 25 Juni 2015   03:06 152
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Beda wektu beda kahanan, deda bocah beda dolanan. Saiki para wong tuwa lila cucul dhuwit nuruti penjaluke anake kanggo tuku maneka warna dolanan elektronik sing larang. Kala-kala plesiran ing papan wisata sing ragade larang, dolan ing mall, taman bermain,  utawa water boom kanggo teles-telesan. [caption id="attachment_193507" align="alignnone" width="300" caption="dolanan banyu ing kali sangisore kreteg"][/caption] Saiki wis arang ditemoni bocah sing padha ngumpul dolanan gatheng, dhakon, dham-dhaman, gamparan, benthik, gobag sodor, apa maneh ciblon ing kedhung. Pancen isih ana bocah-bocah ing saperangan desa sing adoh saka kutha utawa sing mapan ana gunung, isih dolanan ing kedhung-kedhung kali utawa ing tuk gedhe sing dadi blumbang. Jaman cilikanku dhisik (kira-kira tahun 70-an), sinambi angon wedhus utawa sapi, bocah-bocah padha gawe bendungan ing kali sing mili saka sawijining sendhang. Nggunakake watu lan lemah sing ana, dicampur karo suket lan gegodhongan, ilen-ilene banyu saka sendhang dibendung. Mangerteni pokale bocah-bocah iku, para among tani sing sawahe luwih dhuwur tinimbang ilen-ilene banyu kali, banjur padha gotong royong nguwati bendungane bocah-bocah angon. Kanthi mengkono, kejaba banyu sing dibendung bisa kanggo ciblon (lelumban) bocah-bocah rikalane angon, uga kanggo ngedusi (ngguyang) kewan, lan uga kanggo ngelebi tetanduran ing pesawahan. Pancen, banyu sing mandheg ing bendungan sayektine ora jero, ing papan sing paling jero tengahing kali cedhak bendungan jerone ora ana karo tengah meter, dene ing papan sing adoh saka bendungan mung sadhuwure kemiri. Nanging tumrape bocah sing mapan uripe ing gunung, kedhung iku bisa digunakake kanggo ciblon sing nyenengake. Mung wae, yen wis marem anggone ciblon, bocah-bocah angon iku mesthi kudu bilasan ing sendhang sandhuwure bendungan sing dadi sumbere tuk, supaya kulite ora bekisik kaya sisik iwak; jalaran menawa wis pada kanggo lelumban coblon, biasane banyu kedhung iku dadi buthek. Ing liya wektu, kadang kala bocah-bocah angon iku mlaku munggah nurut kali tumuju sawijinging kedhung sing kedadeyan saka nggrojoge banyu saka dhuwur. Jalaran saperangan kali iki pancen wujude tlatar saka watu, mula sangisore  grojogan biasane dadi kedung sing lumayan jero, senadyan ora amba. Kanggo ciblon ing kedhung sing kaya ngene iki, dibutuhake kewanen. Kejaba papane rada ndhelik dikupengi pereng-pereng kali sing dhuwur, uga sepi arang-arang dijawah pawongan. Mula biasane bocah-bocah pada wuda mblejed rikala ciblon ing kedhung iki. Beda menawa ing bendungan sangisore sendhang, bocah-bocah tetep kathokan senadyan ucul klambi. [caption id="attachment_193510" align="alignnone" width="300" caption="ciblon ing kedhung"]

13419272021984083107
13419272021984083107
[/caption] Kejaba iku, menawa anggone ciblon ana kedhung ing sisih dhuwur sing ndhelik iki, bocah-bocah angon iku ora perlu bilasan ing sendhang. Dhasare kedhung sing wujud watu tlatar, lan tetep mili; mula banyu kedhung iku kahanane tetep bening. Supaya luwih resik awake, padha kosokan migunakake watu bunder alus sing ana ing kedhung, jalaran mesthi wae bocah angon ora padha gawa sabun. Bener...................Ciblon, pancen nyenengake, apa maneh tanpa cucul dhuwit kanggo bayar.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun