Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Dongenge Simbok 11: Rembulane Dipangan Buta

9 Juni 2010   13:48 Diperbarui: 26 Juni 2015   15:38 137
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Wektu iku wayah sirep bocah, sabubare sembahyang Isya’ ana langgar cilik pinggir dhusun. Ratmin kang umure udakaraenem tahun, bocah kelas siji SD, rumangsa aneh jalaran saka maneka papan ing dhusun kuwi, lan uga saka dhusun-dhusun liyane keprungu maneka warna tetabuhan umyeg ngebaki awing-awang. Ana kang nabuh kenthongan titir, ana kang nabuh lesung, ana uga kang nuthukicagak omah kang ginawe saka bongkotan pring petung utawa pring ori. Malah kepara ana kang nabuh gong pating jlegur swarane. Ratmin tambah cingak jalaran wong tuwane sakloron lan uga simbahe melu-melu nabuhi sabarang lir kang bisa agawe swara.

“Mbok simbok………, niki wontennapa ta? Kak rame sanget swara tetabuhan?”Ratmin kang during mangerteni dhodhok selehe pitakon marang wong tuwane wadon, Mbok Mangun.

“Oooo….. iki rak lagi ana grahana, le. Coba delengen, kae galo rembulane rak ora bunder kaya samesthine ing wanci purnama sidhi.” Semaure mbok Mangun nanggapi pitakone anake lanangkaro nudhingi rembulan kang katon krowak meh separo.

Ratmin manggut-manggut karo nyawang rembulan kang krowak, tur sunare ora padhang kaya biyasane. Nanging atine during maremoleh wangsulan kang mengkono mau. “Lha napa gunanipun sami nabuh kenthongan, gong ,lan sanes-sanesipun niku, mbok?”

“Manut ngendikane simbahmu lan para sesepuh jaman dhisik, kedadeyan grahana iku jalaranan rembulane dipangan buta.” Mbok Mangun njlentrehake ngenani grahana marang Ratmin.

“Kula koq dereng cetha, mbok. Napa kepareng simbok crita ingkang langkung kathah?” penjaluke Ratmin marang biyunge.

“Oooo., ya bisa. Nanging sawise simbok crita, mengko Ratmin enggal bobok, ya??” Ngendika ngono mbok mangun karo nuntun Ratmin menyang dhipan empring. Anake lanang dipapanake turon, ewodene mbok Mangun karo leyeh-leyeh sendhen tlundhakan dhipan wiwit crita.

“Ing jaman kawitan dhisik, ana sawijine Ratu buta gedhe kang nglamar Dewi Nawang Wulan kang rumeksa rembulan arep dipek bojo. Nanging Dewi Nawang Wulan ora gelem, jalaran Ratu buta kuwi rupane ala banget, kamangka Dewi Nawang Wulan iku ayu banget. Merga lamarane ditampik dening Dewi Nawang Wulan, Ratu buta iku ngamuk ngendelake kasektene. Saben wong sing dipethuki dipilara. Ratu buta kuwi tetep ngoyak-oyak marang Dewi Nawang Wulan. Kanggo nyingkiri Ratu buta, si Dewi Nawang Wulan banjur ndhelik ana rembulan karo nggendhong kucing kelangenane. Ora nyana jebul si ratu buta kuwi tetep bisa nututi papan pandhelikane Dewi Nawang Wulan. Maneka warna pangglembuke Ratu buta ora bisa nglilihake atine sang Dewi, mula gedhe tekade ratu buta mau banjur arep ngemplok nguntal anane rembulan. Nanging jalaran gedhene rembulan, cangkeme Ratu buta kuwi sajake ora amot, mula anggone nguntal rembulan iku mbaka sethithik mlebune ana cangkem buta.

Meruhi kahanan iku, ana satriya sekti kang ora trima menawa Ratu buta arep nguntal rembulan. Mula satriya iku banjur njupuk jemparing piyandele, banjur ratu buta gedhe kang lagi nguntal rembulan iku dipanah, pas ngenani gulune. Ratu buta kelaran lan tibu ana bumi, banjur satriya mau dhawuh marang para kawula ing bumi kanggo nggebugi wetenge buta, supaya rembulan sing diemplok ing cangkeme dilepeh metu maneh. Merga saka akehe wong-wong kang padha teka nggebugi wetenge buta kuwi, mula rembulan sing wis diemplok mau banjur dilepeh metu saka cangkeme buta.

Mula saka kuwi, nganti saiki, saben-saben ana kedadeyan grahana rembulan, para kawula ing bumi padha nabuhi sabarang lir kang bisa gawe suwara. Nunggak semi karo kang ditindakake dening para pinisepuh dhisik, pamrihe supaya kedadeyan grahana iki enggal rampung lan rembulane bali sumunar kanthi padhang. Lha……. Kae saiki katone rembulane wis metu saka cangkeme buta. Kato nana wewayangane Dewi Nawang Wulan kang lagi mangku kucing kelangenane.Wis saiki Ratmin enggal bobok, sesuk mundhak kerinan anggonmu tangi turu.”

Mbok Mangun mungkasi dongenge karo ngarasi pilingane anak lanange. Ratmin wis ora semaur, matane banjur merem turu angler nganti esuk wayah pitik padha kluruk ing wanci bangun esuk.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun