Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Dongenge Simbok 1: Kancil Nyolong Timun

23 April 2010   13:37 Diperbarui: 26 Juni 2015   16:37 514
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

"Lho..... koq kowe Cil?. Ngapa aawakmu ana jero kurungan, katon banget yen atimu sedhih. Apa awakmu luwe ora entuk pangan?", mengkono pitakone si Kapri.

"Ngene lho, Pri. Aku sedhih ora mergo luwe. Nanging jalaran aku arep dirabekake karo putrine Pak tani sing dhenok kae lho. Kamangka aku ki rak ora seneng karo dheweke, lha wong si Dhenok yen mlaku wae dhuwur banget." Semaure kancil karo katon memelas.

"Ah... tenane Cil??? Aku koq ora percaya karo omonganmu. Yen pancen Pak tani arep golek mantu, mesthi wae luwih becik milih aku sing wis suwe ngabekti marang Pak Tani. Ora bakal milih kowe, Cil" si Kapri nyahut maido omongane kancil.

Bungah atine kancil merga rekadayane bakale kasil. "Kasunyatane kaya mengkene, Pri. Pak Tani luwih milih aku minangka mantune, kamangka aku ora seneng. Atiku dadine bingung tenan Pri"

"Ora, Cil. Yen pancen awakmu ora seneng, kepriye yen dak genteni. Aku gelem dipek matu karo Pak Tani. Dhasare aku rak wis ngerti karo aten-atene si Dhenok. Piye, Cil. Oleh, ya dak genteni?"

"Yen pancen awakmu gelem, aku ora kabotan Pri. Kayu kang nindhihi kurungan iki singkirna, mengko genti awakmu sing mlebu ana jero kurungan. Sebab kanggo syarat sadurunge rabi karo menungsa, bangsa kewan kudu dikurung dhisik" celathune kancil mantep.

Agahan si Kapri, asu kelangenane Pak tani kuwi nyurung kayu kang nindhihi kurungan, nuli mbukak kurungan.  Kancil metu saka kurungan, sabanjure Kapri kang lumebu ing kurungan. "Wis ya Pri, mengko mundhak didukani Pak tani, aku arep lunga adoh. Kepenakna anggonmu ngenteni arep dadi mantune Pak tani", celathune kancil karo gegancangan lumayu ngedohi omahe Pak Tani.

Tangi turu, Pak tani agahan metu arep mbleh kancil. Saekagete bareng sumurup yen sing ana sajeroning kurungan ganti Kapri, asu kelangenane. "Dhasar asu goblog. Ora sida entuk lawuh daging kancil" ngono pambengoke Pak Tani, mbukak kurungan karo nggebuk asu kang tehenger-thenger ana sajerone kurungan.

Bug-bug.......... kaing-kaing.............. Kapri si asu iku lumayu kelaran. Lagi krasa yen dheweke wis diapusi kancil

(Dongeng ini aku tulis sesuai ingatanku atas dongeng simbokku setiap malam menjelang aku tidur sewaktu kecil)

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun