Mangantu-antu
Jagad bawera cumandhak
Sedayaning pangajab
Sumawur klawur mawur sumyur
Nini kering lha dalah
Rai peyot tumindak kaya codhot
La illahaillallah..
Muhammadurrasullah…
Kijing pocung sengkalaning siti
Begjane wong kang rumangsa
Lan bisa
Ngalampahi sedyaning bekti
Njaga ing lathi
Njaga ing dhiri
Njaga ing pikir
Tepa salira kang wus musna
Gawe geger alam donya
Dhuh… dhuh… dhuh…
Jawaku wus sirna
Jawaku wus musna
Kagulung …
Kagulung …
Kagulung nepsu ing dhiri
Nepsu ing lathi
Nepsu ing pikir
Jiken, 6 des 12
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI