Mohon tunggu...
sofa unnafis
sofa unnafis Mohon Tunggu... Guru - Guru

Selain ngajar, pengen bisa nulis juga

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Unggah-Ungguh Ing Omah

9 September 2024   19:14 Diperbarui: 9 September 2024   19:18 48
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Bapak ibu lan putra ing griya minangka kulawarga menika dados komunitas belajar ingkang paling utama. Para siswa sinau menapa kemawon dipunwiwiti saking kulawarga, utamanipun ibu. Ibu sampun saged nyinau putra-putrinipun wiwit ing lebetipun kandhungan. Lare dipunwulang kadospundi kemawon badhe bakal manut lan nurut. Piwulang sepisanan menika dados pondasi pangertosan lare babagan unggah-ungguh, perkawis sae lan awon. Mila saking menika kulawarga penting sanget kangge mujudaken unggah-ungguh basa lan trapsila dhateng lare.

Menawi tiyang sepuh ngulinakaken basa Indonesi, lare ugi badhe trampil basa Indonesia. Menawi Kulina dan wajib ngginakaken basa Jawa krama, temtu lare badhe Kulina ngangge basa jawa krama, sinaosa lare mangke sinau basa Indonesia ing sekolah. Menawi tiyang sepuh ngulinakaken solah bawa ingkang sae ing griya, lare badhe paham menawi ing njawi ugi kedah njaga tata krama.

Perkawis sepele kadosta caranipun laden tamu, kadospundi caranipun damel the, sepinten kenthele, sepinten legine, sepinten dhuwure toya ing gelas, kadospundi caranipun ndeleh gelas ing meja lan sapiturutipun. Menika namung perkawis laden tamu, dereng sanesipun. Dados, unggah-ungguh boten namung caranipun matur, nanging kompleks lan kathah sanget. Gesangipun manungsa menawi trep lan tumata unggah-ungguh basa, trapsila temtu saged ndadosaken gesang ingkang nikmat, kebak Syukur lan sae.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun