Mohon tunggu...
Singgih Swasono
Singgih Swasono Mohon Tunggu... wiraswasta -

saya usaha di bidang Kuliner, dan pendiri sanggar Seni Kriya 3D Banyumas 'SEKAR'. 08562616989 - 089673740109 satejamur@yahoo.com - indrisekar@gmail.com https://twitter.com/aaltaer7

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Ninine Munggah Kaji

15 April 2012   12:17 Diperbarui: 25 Juni 2015   06:35 222
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Neng Desaku, sing iring wetan. Pipir sawah, neng kono ana telung wit Randu gedhe-gedhe banget, duwur, rubyung. Di deleng kang adohan meh kaya wit kembar telu. Umure ora ana sing ngerti. Ora adoh kang wit Randu ana umah gubug papan, gendeng Jawa, jendelane wis burek, lawange ngarep angger di bukak muni pating kriyut. Neng njero umah, anane amben pring nganggo plupuh ditutupi klasa.

Jane inyong angger ora sering diekon tuku kapuk, neng biyungku. Inyong ora kenal karo sing manggon neng umah kuwe. Ora bakalah. Nini Randu kuwe undangane. Dudu jenenge. Jere biyungku, jenenge Ni Rawen. Kabeh wong neng Desaku, enggo ngajeni karo wong wadon sing di tuwakna, diundange Nini. Rama, Biyungku ngundange Ni Randu, dong-dongan Ninine. Dadi kabeh kakang adi-adiku ngundange Ni Randu. Kuwe, enggo mbedakna karo wong wadon sing di tuwakna liane. Sing, akhire dadi ngganti jenenge asline, Nini Rawen.

Wektu aku umur wolung taun. Ni Randu umur 80 tahun. Ping sepuluh lipat karo umurku. Mbuh kenangapa, sing sering diekon neng Biyungku maring enggone Ninine, mesti inyong. Jane kanca-kancaku, meh kabeh wis tau di prentah neng wong tuwane maring enggone Ninine. Ora kon tuku kapuk thok, Ninine kuwe duwe kepinteran liane. Kaya gawe sambetan. Tukang kerok, malah inyong tau krungu kang Biyungku, Ninine pinter gawe adem Wong keluargan.

Sing kabeh kuwe akhire, Inyong sekancan gawene dolan neng enggone Ninine. Jane mbuh sapa sing merekna inyong sekancan dadi sering mampir dolan neng kono. Ngasi bar ngarah  iwak, apa welut akeh digorengna neng Ninine, mengko-mengkone neng Ninine ditum karo godhong gedang, di bagi siji-siji, kabeh pada keduman. Lawang mburi enggon dapur ora tau ditegi, sing penting angger mlebu kudu kulanuwun.

Inyong kabeh karo kanca, seneng karo Ninine. Wis kaya Ninine dewek, angger ana salah paham karo kancan liyan, angger di omongi Ninine pada manut, dadi akur maning. Sing akhire, Ninine gelem kandahan karo inyong kabeh.

Mbuh kepriwe awal critane? Akhire Ninine prentah, kon ndeleng wit Randu. Inyong kabeh manut. Bar mlebu ngumah Ninine takon “Weruh apa neng njaba” pitakone Ninine.

Inyong semaur, saur manuk “Wit Randu gedhe banget, lemu, godhonge akeh” karo pada gemuyu. Ninine, ora semaur, ora kesuh, malah njiot suruh karo jambe enom, enjet karo nyuil gambir di linting terus di mamah-mamah.

Semaure “Wit kuwe bisa enggo nggambarna uripe wong neng alam ndunya” karo tangane njiot mbako karo di ules-ulesna neng untune. Nyong kabeh, pada meneng.

Teruse “Mbesuk kowe kabeh angger wis gedhe, nyonto urip kaya wit Randu. Sing di deleng neng kowe kabeh ana maksude. Wit duwur meh maring langit. pange sing gedhe pada ngarah maring ngetan, ngidul, ngulon, karo ngalor, terus ngetrap maring nduwur, pada ora tumpuk-tumpukkan. Pange akeh godhonge. Setaun sepisan, metu kembange, ambune wangi. ditekani neng tawon madu, karo kupu, manuk pada teka, bar tuwa owene metu kapuk randune bisa di gawe kasur karo bantal” ngomonge mandeg, nyusur, diidohna.

“Dadi mbesuk kowe kabeh wis bisa pada gede, tuwa. Bisa’a kaya wit Randu, dadi wong sing migunani karo sapa bae, kaya uwen Randu di gawe kasur karo bantal. Kaya kembange nyebar barang sing apik, wangi. Dadi akeh sedulur sing pada teka. Dadi pengayom karo gawe adem sapa bae, kaya godhong randu sing lemu, wis nganah pada bali kae wis Adzan” karo menyat kang amben, Inyong kabeh pada mlayu bali.

...........

Bar Ninine crita kaya kuwe, let rong dinaan kanca batirku, ngajaki aku dolan maring enggon liyane. Angger inyong ngajak maring nganah, pada ora gelem. Sing akhire Inyong ke gawa-gawa dolan neng enggon liyane. Ninine jane sering nakokna karo kancaku, inyong bingung goli mangsuli. Suwe-suwe inyong ya melu krasa ora kepenak, sing akhire inyong takon karo kanca-kancaku kabeh

“Jane ana apa? sebenere kowe pada ora gelem mampir neng enggone Ninine?” inyong takon, sing di takoni pada clingak-clinguk.

“Ko apa ora krungu critane Pak Uztad Ahmad, kae guru ngaji, sing kang kota”  Yatul sing awake paling gedhe, semaur. Inyong bingung. Inyong ngajine neng langgar Kidul sing ngajar Kyai Basori, ora tau crita apa-apa. Inyong ya wis tau ketemu karo Uztad Ahmad, malah dikon melu ngaji neng langgar Lor, tapi inyong emoh. Deweke, orang gelem di undang Pak Kyai.

“Crita apa? Nyong ora ngerti?” Takonku karo bingung.

“Inyong kabeh wis ora kena ngrungokna ceritane Ninine, sing di critakna kuwe ora bener, sing bener kuwe kabeh wong urip neng ndunya kudu sing dadi panutan Alquran karo Hadist. Arep gawe conto kudu lakune Kanjeng Nabi, ora kena liyane. Apa maning lakune wit Randu enggo conto” Jelase, kabeh kancaku sing melu ngaji neng Langgar Lor pada melu mbenerna. Nambah Inyong bingung.

Sambunge Yatul “Kowe apa ora ngerti, Ninine sering gaweni sambetan, terus nggaweni sing enggo mimiti, kuwe musrik, dosa gedhe. Terus kae wite Randune di sogi kembang neng kowe pada, kuwe mlebu musrik” Inyong kaget karo bingung, ndeleng kancaku pada mbenerna omongane Yathul Malik.

“Lah...anu kuwe Inyong ora ngerti, Pak Kyai sih ora tau ngomongi kaya kuwe, jajal mengko bar ngaji inyong arep takonlah” Semaurku karo mbatin ‘oh jebule masalah kaya kuwe’. Bar kuwe, pada bubaran.

...........

“Kyaine kulo bade takon, katah?” Pitakonku bar sholat Isya, wong sing pada kumpul neng Langgar pada ndelengna Inyong.

“Niku napa, angger wit-witan sing neng alam ndunya, niku ngge conto lakune tiyang urip napa mboten kenging? terus niku, tiyang sering ndameli sambetan. Kalih, sedekah bumi nopo nggih mboten kenging?” Inyong takon karo deg-degan, awaku metu kringete, padahal mbengi adem pisan. Bar kuwe sing neng kono, pada saur manuk rebutan njawab.

Sing akhire, Pak Kyai mangsuli “Angger enggo conto thok ya ora apa-apa. Sing penting banget kuwe ora kena di sembah karo di sogi sajen. Wong urip kuwe jane kudu sinau karo alam ndunya, di tambah sinau karo Qur’an lan Hadist. Angger sambetan kuwe tamba wong lara, ya ora apa-apa. Masalah sedekah bumi, kiye abot jawabe. Kowe sinau ngaji ndisit, mbesuk angger wis gedhe, tek nei ngerti” semaure karo narik napas, matane ndelengna Inyong.

“Nggih maturnuwun Pak Kyai, kalih kulo bade crita, niku sing sering ngesogi kembang, niku kulo kaliyan rencang. Wong niku, tiyang sing pada macul, nguyuhe teng ngandap wit, jerene niku wit mpun mboten angker. Bar niku mboten wonten sing nguyuh teng mriku malih” bar rampung Inyong ngomong, Pak Kyai karo wong sing neng langgar pada ngguyu.

“Oh dadi kaya kuwe. Bener kuwe, ora apa-apa wong niate apik. Nguyuh ora kena sembarang, kuwe kaya Asu. Kabare neng nyaba, kuwe kembang enggo sajen njaluk nomer, malah sering metu”

Inyong langsung nyandak omangane Pak Kyai “Niku sing ndamel angka di tatah neng wit nggih kulo sami, niku  ri’in mpun dangu sanged, seg lagi nembe seneng-seneng sinau nulis, ngangge ladinge Ninine” semaurku, malah gawe ngguyu kabeh.

“Dadi nomer-nomer sing jere metu dewek sekang wit Randu, jebule kuwe sing gawe?” Pak Seri takon karo ngguyu-ngguyu.

“Kaya kiye sedulur? Pak Lurah wis tau crita karo aku, babagan wit Randu kuwe. Ana sing usul wite kon di tegor alasane ya kuwe, wite gawe musrik. Ningen neng Pak Lurah durung aweh ijin wong kuwe sing duwe Ninine. Dadi ngesuk sore ayuh pada ndeleng maring nganah. Ngiras ngirus mampir neng enggone Ninine nggenahna slametane jam pira, ben aja tabrakan wektune karo neng enggo Pak Wage”

“Slametan napa niku Pak Kyai?” Pitakonku kaget, wis mandan suwe ora tau  dolan neng enggone Ninine, paling angger diprentah neng Biyunge nembe inyong nganah.

“Apa ora ngerti, Ninine arep munggah Kaji, seminggu maning. Sing ngurusi aku, wis lunas malah bayare” Semaure.

“Napa? Dados Ninine ajeng munggah kaji? ngertose kulo mboten saged ngaji?” pitakonku tambah bingung.

“Iya munggah Kaji, kae Ninine gewiyen kue Juara maca Qur’an, suarane apik pisan, tau dadi guru ngaji. Nangging ya kuwe nasibe ora apik, di arah bojo, bojone karo anake kena masalah neng jaman PKI, sedulure ora ana sing ngakoni” Pak Kyai karo narik ambegkan jero. Wong kabeh pada meneng. Inyong krasa ana angin semilir adem pisan, ngangsi mrinding.

..........

ORA SALAH, Ni Randu arep munggah Kaji. Kuwe bener. Ninine kuwe wong sing paling sederhana neng ndesaku. Tinemu akal. Duwe duit kabeh disimpen primpen neng ngingsor klasa enggon turune, karo neng bumbung. Ninine ora tau mangan iwak, angger mangan. Pas inyong se kancan nggawa iwak ngonoh, angger ora pas dijujugi wong bar slametan, karo pas lagi Bada.

Kuwe Ninine umure pas 83 tahun. Inyong sekancan malah sing mbelah bumbunge, ngrewangi ngitung duite. Wektu kuwe kancaku takon, ‘duite arep enggo ngapa Ni’ sing di takoni jawabe kepenak bae ‘Arep enggo munggah maring langit’ Inyong pada gemuyu. Ora nana sing ngerti maksude Ninine. Jebule arep enggo Ongkos Naik Haji, bar di itung duite, malah lewih akeh.

..........

“Alhamdulillah” tangan Ninine karo-karone di angkat maring nduwur. Matane karo mbrebes mili. Mbengi sedurunge mangkat maring Tanah Suci. Ninine njaluk karo Pak Kyai donga tahlilan. Sing neng kono kabeh mrinding, krungu jalukane Ninine.

“Anggep bae Ninine wis mati” penjaluke

“Wacakna tahlil enggo inyong”

Critane Pak Kyai, kepengine Ninine mati neng Tanah Suci. Kabeh wong sedesa sing pada ngrungokna pada mrebes mili. Kepriwe maning umure bae wis 83 tahun. Nembe sepisane munggah Kaji.

Akhire, kabeh warga desa melu mangkat njujugna maring Mesjid Agung, kelebu Pak Ustad. Persis kaya wong jujug wong mati maring kuburan. Ninine ora nangis. Ningen sing pada jujug meh kabeh pada mrebes mili, apa maning Inyong karo kanca-kanca, kelangan banget. Inyong karo kancan di takoni neng ninine, jaluk di dongakna neng Tanah Suci donga apa? kanca-kanca kabeh rame njaluk di dongakna werna-werna. Angger Inyong njaluke ‘Biyung, Ramaku dinei kewarasan. Inyong mbesuk bisa’a munggah Kaji, kaya Ninine’

...........

Akhire wektu Jumatan neng Mesjid ana wara-wara, ngesuk Ninine bali. Krungu wara-wara Inyong sekancan pada mbolos Sekolah. resik-resik umahe Ninine.

Awane, Wong meh sedesa pada gemridigan, mertamu. meh telung dina, telung mbengi, ngrungokna critane Tanah Suci. Tangga teparone giliran ngrewangi gawe wedang, karo umbah-umbah.

Sorene mlebu dina ke telu, Ninine ngundang inyong karo kanca, “Tulung ya mengko undangna Pak Kyai Basori, Karo Pak Lurah kon pada ngeneh bar Magrib, Ninine ana perlu sing arep dirembug” inyong sekancan ora takon-takon maning, terus bae pamit maring neng enggone Pak Kyai karo neng umahe Pak Lurah.

Let sedinane Inyong olih crita kang Ramaku. Tanahe Ni Randu diwakafna maring Desa. Wit Randu loro kon di tegor, enggo gawe langgar. Terus langgar kidul sing embed-embedan karo umah, di kon pindah neng kono mengko-mengkone.

Mlebu dina keping pitu, umahe Ninine rame. Inyong karo sekancan pada melu ndeleng, jebule neng kono lagi ana Pak Lurah, seperangkete, Pak Kyai, Pak Ustad, Ramane Inyong, karo Ramane kancaku. Lagi nyekseni tandatangan surat-surat wakaf. Bar wis rampungan, Ninine senderan, karo tangane ngadep nduwur nyuara “Alhamdulillah” sing pada neng kono melu semaur. Bar kuwe amleng pada meneng kabeh, inyong ndeleng Ninine komat kamit karo mrebes mili.

Let ora suwe, Ninine nyuara “Allahu Akbar”, bar kuwe ndengkluk, meneng baen. Pak Kyai kaget, Ninine wis ora nana. Wong sing nengkono ana sing nangis, kami tenggengen, bingung. Weruhe inyong Pak Ustad, mbuh ngrisiki apa, komat maring kupinge Ninine karo nangis. Neng jerone pikiranku ‘Ndean lagi ndongakna karo njaluk ngapura?’

.

Tamat.

.

Nuwunsewu angger ana jeneng apa enggon sing pada, kuwe pas bae pada, aja di padak-padakna wong kiye anu ngarang, dadi aja di gawa neng ngati.

.

Versi basa Indonesia, nyusul.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun