Mohon tunggu...
Singgih Swasono
Singgih Swasono Mohon Tunggu... wiraswasta -

saya usaha di bidang Kuliner, dan pendiri sanggar Seni Kriya 3D Banyumas 'SEKAR'. 08562616989 - 089673740109 satejamur@yahoo.com - indrisekar@gmail.com https://twitter.com/aaltaer7

Selanjutnya

Tutup

Catatan

Catatan Harian 1 (Basa Mbanyumasan)

5 Juli 2011   10:05 Diperbarui: 26 Juni 2015   03:55 320
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Purwokerto, 4 Juni 2011. Jam 05.30 WIB. Mau esuk-esuk ademe rasane gutul balung, enakke mlaku-mlaku sedela ben anget, ayuh sikil mlaku maring mbunderan…..Walah wis ana sing ndisite metu, lhaa kuwe wis ana becak karo taksi nongkrong..hehehee inyong kira wong hawane adem banget…bunderan sepi. Lhaa kiye ngingsor tulisan gendu-gendu rasa karo tukang becak sing lagi nunggu tarikan….. (TB : Tukang Becak)

Inyong : Priwe kang kabare pada sehat mbok…, tumben gasik banget ngeteme… adem banget yaah siki

TB          : Yaa pada sehat, lhaa kiye gasik djajal mbok ana tarikan….adem wong wis mangsa terang, tapi adem ganu karo siki beda…jarang ana embune

Inyong : lhaa iya-ya ganu angger terang saben esuk mesti embune kandel, eh koq…dewekan kancane neng endi…

TB           : Kiye mau ana telu…Kae si wardan lagi narik maring pasar Wage

Inyong : Oh…dadi mau wis ana papat lha…endi sing loro wis bali apa?

TB           : mbuh maring endi…pindah kayane maring ngarep Margono, neng kene sepi…

Inyong : Kang wis narik....

TB           : Walah aku nembe teka, yaa kiye nunggu mbok ana…arep maring endi?

Inyong : Biasa angger esuk bar Subuhan metu mlaku-mlaku, rika tembe ngetem neng kene apa?

TB          : yaa jarang sih…biasane ngeneh jam pituan awan, angger awan siki sepi, ora kaya ganu…

Inyong : Siki wong kabeh duwe motor karo hp si yaa gampang duwe motor yaa kang

TB          : Nah kuwe Pak....wong siki duwe duit limangatus ewu bisa nggawa bali motor, nyaure mbuh bisa apa ora sing penting montoran hahahaaa

Inyong : hahahaaa….pengaruh banget yaa kang ana montor karo hp

TB          : jane sepi yaa…wis suwe tapi arep kepriwe maning…

Durung rampung ngobrole, ana bis mandeg terus ana penumpang mudun, langsung TB menyat nekani maring wong sing bar mudun kang bis, nawani jasane. aku langsung pamit karo deweke......

Inyong : yuuh…kang aku nerusna mlaku-mlaku

TB          : ya

inyong langsung nglius lunga nerusna mlaku maring arah supir taksi sing lagi mangkal, karo mlaku aku nyelinguk maring mburi. Syukurlah kae Kang Wardan olih tarikan, mbuh maring endi parane.

Esuk kiye aku weruh taksi sing ngetem ana lima mobil….. Hehee biasa ampire salah siji, nah kae ana sing inyong kenal……lhaa kiye ngingsor omong-omongne….(ST : Sopir Taksi).

Inyong : Ngetem gasik kang…

ST1         : iya kiye….gasik ora gasik pada bae,

Inyong : lhaa..ya ora, jere angger tangi gasik rejekine lancar

ST1         : lhaa…rejeki sih wis ana singatur, aku gasik wong mau mbengi turu gasik, wingi sepi.

Inyong : lhaa sesepi-sepine mbok yaa ana tarikan….

ST1         : yaa ana tapi yaa…muter-muter neng djero kota.

Inyong : hahaha karepe tarikane maring luar kota terus..saben dina.

ST1        : hahaha angger bisa saben dina, kuwe ST2 mbojo maning hahaha

Inyong : ST2 bojonmu wis pira sich…

ST2       : hahaha kuwe ngawur bojoku siji kawit mbiyen koq…

Inyong : bojomu siji sing neng umah, lhaa sing neng ndesa

ST1        : hahaha kuwe ST2 mulane nyupire ngepeng, subuh wis ngetem, olih duwit esuk enggo bojo enom, tarikan sore enggo bojo tua hahahaaa

ST2       : Pak aja dirungokna, wong sing neng ndesa kae…adine bojoku

Inyong : walah mbokayune karo adine di double

ST2       : kae ST1 ngawur, wong adine bojoku ditinggal minggat neng bojone, anakke loro sekolah kabeh. Lhaa inyong melas dadi saben rong dina apa telung dina mampir kuwe aweh duwit maring anakke enggo sangu sekolah, asem…gosipe aku ngawini adine bojoku, wong pada gemblung kabeh…hahaaaa

Inyong : lhaa bojomu ngerti ora rika gawene aweh duit maring ponakkanmu…

ST2        : yaa ngerti banget…wong terkadang bojoku sing maring nganah karo jujug anakku sekolah terus mampir neng umahe, ora kethang rongewu terkadang ya limangewu kuwe mesti enggo ponakane sangu sekolah…

ST1       : hahaa aja-aja mengko ana istilah witing tresno jalaran soko kulino….gawene tilik umah, bar kuwe tilik djerone umah…hahaaa

ST2       : lhaa yaa oralah, angger gelem jane wis kawit ganu. Kiye pak kancaku pada ngawur aja dirungokna.

Inyong : biasa lah kang….angger ora pada ledhek-ledhekan yaa ora rame…wis yaa kang aku arep bali disit, biasa maring pasar becer…

ST2 ST1 : yaa monggo....dilaris dodolane..

Ora krasa metu sedela, ndeleng jam neng hp wis meh tengah pitu, walah inyong gipyak bali langsung niliki kopi sing mau arep Subuhan di srupuuut maning….pareng kiye siki inyong arep mangkat pasar disit, pareng……..

Mohon tunggu...

Lihat Catatan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun