1.Taman Kaputrèn Mahaspati
Sadurungé tumêkèng pralaya, Sukrasana prasapa marang Bambang Sumantri ;” kakang Sumantri, ingsun durung bisa mènèhaké gêgêbênganku hiya Aji Candhabérawa, marang sira kakang. Nanging kakang Sumantri wis nguntapaké aku ana alam kelanggengan, yêktiné sira ora ngrêti yèn daktrêsnani. Aku nginthil sira kakang, jalaran aku ngrêti apa sing dadi panjangkamu. Ananging kakang Sumantri kalimpud déning pêpénginan, awit sãkã iku Aji Candhãbérãwã durung bisa dakwènèhaké marang sira, kasunyatané kakang Sumantri durung kuwãwã nampani. Kabèh-kabèh wis dadi kersaning kang akarya Jagad. Ingsun mintã pangwasaning Gusti, ingsun ora bakal manjing kaswargan kalamun durung ãnã banjir bandhang ing Kedhaton Mahaspati…kakang Sumantri aku pamit..pamujiku muga sira bisa nggayuh kamulyanira kakang…”
Sukasrana suksmané nglêmbãrã ngupadi titahing bathãrã sing bisã dadi susuhing Candhãbérãwã.
2.Bagawan Bagaspati
Gantyã kang winursitã, ãnã ing Gunung Argãbêlah ãnã yãksã kang lagi mêsurãgã tarakbrata mamangun tèki mêlêng karsaning driya mêpêr hardhaning kanêpson hamung sajuga kang tinuju yaiku Gusti kang Maha Mulya. Geter pater panasing angga yaksa muda kang sêsilih Bagaspati, kabukak wiwaraning nala. Ora kaya kang ana ing gegana Suksmane Sukrasana sing lagi nganglang nglêmbara nggolèki wadhah sing cocog kanggo papan panggonané Candhabérawa, mulat sang Sukrasana sumiyut manjing bareng Sang Candhabérawa nyawiji ana anggané sang Bagaspati. Sang Bagaspati ambuka nétrané, byar katon ana cahya sumorot mlêsat saka gagana.
3. Pangimpèné dèwi Setyawati
Dèwi Setyawati, iku anaké Bagawan Bagaspati, sawijining brahmana pangawak rasêksa. Begawan Bagaspati anggarwa hapsari kang asesilih Dèwi Darmastuti. Sawijining wektu,dèwi Pujawati uga sinebut dewi Setyawati tawang-tawang tangis, motah marang ramané iya Bagawan Bagaspati.
Pamotahé dyah ayu Sêtyawi jalaran ana jroning pangimpèn ketemu satriya bagus, cukat trêngginas mumpuni ulah kanuragan, wiwit saka iku dyah ayu Sêtyawati kayungyun nandhang asmara uga lambangsari sanajan ana pangimpèn.
“ ana apa ndhuk anakku sing sing ayu dhéwé, kok tawang-tawang tangis, njaluk apa ndhuuukkk…, énggal matura?”
“aku ngimpi kok rama..”wangsulané Sêtyawati
“ngimpi kok ndadak ditangisi…gela, yèn gêla ya kana turu manèh..”
“digolèkaké ta ramaaa…”panjaluké Setyawati
“lho…lho..piyé ta ndhuk, wong sing ngimpi kowé kok aku sing nggolèki, njur kêpriyé nalaré…?”
“pokoké rama kudu nggolèki saiki…”
“ééééééé …ééééé, hmmm banjur aku kudu ngggolèki mênyang êndi ndhuukk?”
“ya êmbuh…pratikêlé rama..pokoké kudu kêtêmu lan digawa mréné..!”
“haha..hahaha, sing digawa mréné apané ndhuuk?”
“ rama…yèn rama ora bisa nêmokaké satriya jroning pangimpènku luwih bêcik aku nganyut tuwuh rama…”
“iya …iya ..ndhuuuk…sarèhna dhisik atimu…”
Bagawan Bagaspati wus tanggap ing sêmu, ngerti sing dikarêpaké putriné, “ hmmm anak polah bapa kêpradah…’ banjur klépat anêlasak wana gung tumurun saka padhépokan Argabêlah ngupadi gêgathilaning atiné dèwi Setyawati sing durung diwanuhi.
4. Pangeran Narasoma
Radèn Narasoma, iku putrané Prabu Mandrapati, raja Nêgara Mandaraka saka Dèwi Téjawati. Narasoma duwé sadulur wadon tunggal bapa ibu, arané Dewi Madrim. Narasoma sawijining nonoman kang duwèni wêwatêkan brangasan, umuk, wasis wicarané, mbranyak, uga lantip panggraitané, prigêl ulah kanuragan, bisa migunakaké salwiring gêgaman.
Nalika radèn Narasoma lagi cangkrama ana alas dandaka kapêthuk Bêgawan Bagaspati, ringkêsing carita, radèn Narasoma sing kondhang kasudibyané nanging bisa kapikut déning Bêgawan Bagaspati. Barêng ditêmokaké karo dèwi Sêtyawati, sanyata cocog kaya kang ana jroning pangimpèné, mula wong sakloron banjur didhaupaké déning Sang Rêsi.
Ngancik 100 dina lawasé radèn Narasoma cumondhok ana padhépokan Argabêlah, kapang marang rama lan ibune ana ing Praja Mandraka, banjur pamitan marang garwané dèwi Sêtyawati ya dèwi Pujawati .
“ yayi garwané pun kakang, dina aku njaluk palilahmu, pun kakang arsa kondur ana praja jalaran wus kapang marang rama lan ibu… “.
“ kakang mas, kula dhèrèk…”
“ ya yayi, mung waé aku duwé panyuwun marang jênêngsira…?”
“punapa ingkang kakêrsakakên..kakang mas…?”
“ oh ya, apa sliramu yêkti tuhu trêsna marang pun kakang yayi.. ?”
“ panjênêngan punika kadospundi ta kangmas, katrêsnan kula punika pêthak mulus kados wos kang sinosoh lho kang mas? “
“ ooo iyaaa? Sanajan si adhi putih kadidéné bêras kang sinosoh, nanging isih ana gabahé yayi”
“ ingkang pun kêrsakaken kadospundi kangmas? Kok wontên gabahipun, kula botên mudhêng…?”
“ jaréné putrané pandhita linuwih, yèn anaké waé ora bisa awèh wangsulan ya ditakokaké wong tuwané..”
5. Pangorbanané bapa marang anak
Dèwi Pujawati banjur klépat karo mrêngut nêmoni ingkang rama, ;”ana pa ndhuk kok mrêngut, mêcucu kaya ngono…njaluk apa ta dhuk…”
Dewi Sêtyawati banjur ngandharaké ature Radèn Narasoma nalika pamitan arêp mulih menyang nagara Mandraka. Bêgawan Bagaspati kang wus pana ing grahita, tanggap sasmita waspadèng sêmu, ngerti sing dikarepake Narasoma, jalaran kasoran nalika adu katiyasan. sang Rêsi kang limpad salwiring kawruh, lan ngrêti marang sangkan paraning dumadi, sigra mêlêng èsthining driya, byar padhang narawang. Sang Rêsi Bagaspati sanyata titising Sukrasana, wus antuk margining kaswargan nêmokaké margining kasampurnan jati, jalaran Narasoma sing ana ngarêpané ora liya uga titisané Radèn Sumantri.
Narasoma diajaki sapêjagon déning sang Rêsi ana ing sanggar pamêlêngan, maladi hêning sadhakêp saluku juga, ameleng karsaning driya hanutupi wiwaraning babahan hawa sanga sumiyut kêplasing suksmane radèn Sumantri wus kapangya kalawan Bambang Sukasrana gandhèng tangan rerangkulan.
“ kakang Sumantri….iki wus tumêkèng janji, yèn si kakang kudu barêng si adhi manjing ana jroning alaming kaswargan…..”
Sumantri mung manut karsaning Sukrasana, padha sanalika Aji Candhabirawa mlêsat saka ragané Rêsi Bagaspati manjing ana ragané Narasoma. Barêng karo lêpasing Chandhabérawa Rêsi Bagaspati moksa.