1.Taman Kaputrèn Mahaspati
Sadurungé tumêkèng pralaya, Sukrasana prasapa marang Bambang Sumantri ;” kakang Sumantri, ingsun durung bisa mènèhaké gêgêbênganku hiya Aji Candhabérawa, marang sira kakang. Nanging kakang Sumantri wis nguntapaké aku ana alam kelanggengan, yêktiné sira ora ngrêti yèn daktrêsnani. Aku nginthil sira kakang, jalaran aku ngrêti apa sing dadi panjangkamu. Ananging kakang Sumantri kalimpud déning pêpénginan, awit sãkã iku Aji Candhãbérãwã durung bisa dakwènèhaké marang sira, kasunyatané kakang Sumantri durung kuwãwã nampani. Kabèh-kabèh wis dadi kersaning kang akarya Jagad. Ingsun mintã pangwasaning Gusti, ingsun ora bakal manjing kaswargan kalamun durung ãnã banjir bandhang ing Kedhaton Mahaspati…kakang Sumantri aku pamit..pamujiku muga sira bisa nggayuh kamulyanira kakang…”
Sukasrana suksmané nglêmbãrã ngupadi titahing bathãrã sing bisã dadi susuhing Candhãbérãwã.
2.Bagawan Bagaspati
Gantyã kang winursitã, ãnã ing Gunung Argãbêlah ãnã yãksã kang lagi mêsurãgã tarakbrata mamangun tèki mêlêng karsaning driya mêpêr hardhaning kanêpson hamung sajuga kang tinuju yaiku Gusti kang Maha Mulya. Geter pater panasing angga yaksa muda kang sêsilih Bagaspati, kabukak wiwaraning nala. Ora kaya kang ana ing gegana Suksmane Sukrasana sing lagi nganglang nglêmbara nggolèki wadhah sing cocog kanggo papan panggonané Candhabérawa, mulat sang Sukrasana sumiyut manjing bareng Sang Candhabérawa nyawiji ana anggané sang Bagaspati. Sang Bagaspati ambuka nétrané, byar katon ana cahya sumorot mlêsat saka gagana.
3. Pangimpèné dèwi Setyawati
Dèwi Setyawati, iku anaké Bagawan Bagaspati, sawijining brahmana pangawak rasêksa. Begawan Bagaspati anggarwa hapsari kang asesilih Dèwi Darmastuti. Sawijining wektu,dèwi Pujawati uga sinebut dewi Setyawati tawang-tawang tangis, motah marang ramané iya Bagawan Bagaspati.
Pamotahé dyah ayu Sêtyawi jalaran ana jroning pangimpèn ketemu satriya bagus, cukat trêngginas mumpuni ulah kanuragan, wiwit saka iku dyah ayu Sêtyawati kayungyun nandhang asmara uga lambangsari sanajan ana pangimpèn.
“ ana apa ndhuk anakku sing sing ayu dhéwé, kok tawang-tawang tangis, njaluk apa ndhuuukkk…, énggal matura?”
“aku ngimpi kok rama..”wangsulané Sêtyawati
“ngimpi kok ndadak ditangisi…gela, yèn gêla ya kana turu manèh..”
“digolèkaké ta ramaaa…”panjaluké Setyawati
“lho…lho..piyé ta ndhuk, wong sing ngimpi kowé kok aku sing nggolèki, njur kêpriyé nalaré…?”
“pokoké rama kudu nggolèki saiki…”
“ééééééé …ééééé, hmmm banjur aku kudu ngggolèki mênyang êndi ndhuukk?”
“ya êmbuh…pratikêlé rama..pokoké kudu kêtêmu lan digawa mréné..!”
“haha..hahaha, sing digawa mréné apané ndhuuk?”
“ rama…yèn rama ora bisa nêmokaké satriya jroning pangimpènku luwih bêcik aku nganyut tuwuh rama…”
“iya …iya ..ndhuuuk…sarèhna dhisik atimu…”
Bagawan Bagaspati wus tanggap ing sêmu, ngerti sing dikarêpaké putriné, “ hmmm anak polah bapa kêpradah…’ banjur klépat anêlasak wana gung tumurun saka padhépokan Argabêlah ngupadi gêgathilaning atiné dèwi Setyawati sing durung diwanuhi.
4. Pangeran Narasoma
Radèn Narasoma, iku putrané Prabu Mandrapati, raja Nêgara Mandaraka saka Dèwi Téjawati. Narasoma duwé sadulur wadon tunggal bapa ibu, arané Dewi Madrim. Narasoma sawijining nonoman kang duwèni wêwatêkan brangasan, umuk, wasis wicarané, mbranyak, uga lantip panggraitané, prigêl ulah kanuragan, bisa migunakaké salwiring gêgaman.
Nalika radèn Narasoma lagi cangkrama ana alas dandaka kapêthuk Bêgawan Bagaspati, ringkêsing carita, radèn Narasoma sing kondhang kasudibyané nanging bisa kapikut déning Bêgawan Bagaspati. Barêng ditêmokaké karo dèwi Sêtyawati, sanyata cocog kaya kang ana jroning pangimpèné, mula wong sakloron banjur didhaupaké déning Sang Rêsi.
Ngancik 100 dina lawasé radèn Narasoma cumondhok ana padhépokan Argabêlah, kapang marang rama lan ibune ana ing Praja Mandraka, banjur pamitan marang garwané dèwi Sêtyawati ya dèwi Pujawati .
“ yayi garwané pun kakang, dina aku njaluk palilahmu, pun kakang arsa kondur ana praja jalaran wus kapang marang rama lan ibu… “.
“ kakang mas, kula dhèrèk…”
“ ya yayi, mung waé aku duwé panyuwun marang jênêngsira…?”
“punapa ingkang kakêrsakakên..kakang mas…?”
“ oh ya, apa sliramu yêkti tuhu trêsna marang pun kakang yayi.. ?”
“ panjênêngan punika kadospundi ta kangmas, katrêsnan kula punika pêthak mulus kados wos kang sinosoh lho kang mas? “
“ ooo iyaaa? Sanajan si adhi putih kadidéné bêras kang sinosoh, nanging isih ana gabahé yayi”
“ ingkang pun kêrsakaken kadospundi kangmas? Kok wontên gabahipun, kula botên mudhêng…?”
“ jaréné putrané pandhita linuwih, yèn anaké waé ora bisa awèh wangsulan ya ditakokaké wong tuwané..”
5. Pangorbanané bapa marang anak
Dèwi Pujawati banjur klépat karo mrêngut nêmoni ingkang rama, ;”ana pa ndhuk kok mrêngut, mêcucu kaya ngono…njaluk apa ta dhuk…”
Dewi Sêtyawati banjur ngandharaké ature Radèn Narasoma nalika pamitan arêp mulih menyang nagara Mandraka. Bêgawan Bagaspati kang wus pana ing grahita, tanggap sasmita waspadèng sêmu, ngerti sing dikarepake Narasoma, jalaran kasoran nalika adu katiyasan. sang Rêsi kang limpad salwiring kawruh, lan ngrêti marang sangkan paraning dumadi, sigra mêlêng èsthining driya, byar padhang narawang. Sang Rêsi Bagaspati sanyata titising Sukrasana, wus antuk margining kaswargan nêmokaké margining kasampurnan jati, jalaran Narasoma sing ana ngarêpané ora liya uga titisané Radèn Sumantri.
Narasoma diajaki sapêjagon déning sang Rêsi ana ing sanggar pamêlêngan, maladi hêning sadhakêp saluku juga, ameleng karsaning driya hanutupi wiwaraning babahan hawa sanga sumiyut kêplasing suksmane radèn Sumantri wus kapangya kalawan Bambang Sukasrana gandhèng tangan rerangkulan.
“ kakang Sumantri….iki wus tumêkèng janji, yèn si kakang kudu barêng si adhi manjing ana jroning alaming kaswargan…..”
Sumantri mung manut karsaning Sukrasana, padha sanalika Aji Candhabirawa mlêsat saka ragané Rêsi Bagaspati manjing ana ragané Narasoma. Barêng karo lêpasing Chandhabérawa Rêsi Bagaspati moksa.
Narasoma banjur tumurun saka sangar pamêlêngan, nyaritakaké kêdadéyan sing wis kalakon, Pujawati nggêblag kantaka. Kumarané rêsi Bagaspati banjur nangèkaké Pujawati , mangkono pangucapé “ ndhuk wis ora susah digêtuni, pancèn iki wus dadi karsaning Kang Maha Asih, aku kudu awèh pangorbanan kanggo kamulyané anakku..ya wis ndhuk Pujawati, manut lan miturut mring gurulaki, ingsun mung dêdonga muga rahayu sira sakaroné……”
Dèwi Pujawati ya Setyawati sawusé krungu pitukasé wong atuwané mung lêgêg nglênggana karo tawan-tawan tangis kêkaroné banjur mangkat ninggalaké padhépokan Argabêlah tumuju marang Praja Mandraka.
6. Krajan Mandraka
Narasoma sinêngkaké ing ngaluhur nyêkêl pusaraning adil ana krajan Mandaraka ajêjuluk Prabu Salyapati nggêntèni kalungguhané ramané Prabu Mandrapati kang lampus dhiri. Sabanjuré Narasoma kang abiséka Prabu Salya pinangka Maharaja ing praja Madra, yakuwi salah sawijining kêraton ing Indhia Kuno kang ing sisih kuloné Asia Kidul.
Prabu Salya nêlukaké ratu mancanagara, dadi jêmbar jajahané, dhasaré sura sêkti pilih tandhing, kajèn kèringan akèh ratu mancanagara kang padha nungkul tanpa ginêbaging prang.
Prabu Salya anggoné jejodhowan karo dèwi Pujawati nurunaké;
1)Dèwi Erawati, palakrama karo Prabu Baladewa
2)Dèwi Surtikanti, palakrama karo Narpati Karna Basusena
3)Dèwi Banowati, palakrama karo Prabu Duryodana
4)Burisrawa
5)Rukmarata.
7. Prang Bharatayuddha
Satêmêné nalika Prabu Salya ana madyaning Tegal Kuru jroning nala abot Pandhawa, jalaran Nakula lan Sadéwa iku isih pulunané dhéwe, nanging jalaran Praja Madra jamane Prabu Mandrapati iku wis prasetya sabiyantu marang nagara Ngastyina, sanajan rasaning ati abot kapêdhotan katrêsnan marang pulunané paripaksa awèh bêebantu marang Prabu Duryudana.
Prabu Salya kadhapuk dadi kusiré Narpati Karna Basuséna, rumangsa ina jalaran ora nanyogyani marang patrapée Karna nalika ana ing parêpatan agung, dakwa dadi matapitané wong Ngamarta.
Karna bisa adu arêp prang tandhing nglawan Arjuna, saupama lising rata ora sinêndhal déning Prabu Salya, Arjuna bisa tiwas saka jêmparing Narpati Karna, sanajan mangkono topongé Arjuna mêksa katêmpuh jemparing. Wusana saka pratikêlé Prabu Krêsna sing dadi KusiréArjuna, sanjata Pasopati bisa ngrampungi gawé, dyan Karna sirna kêna jemparingé Arjuna..
Sawusé Senapati Ngastina Prabu karna tumêkèng pralaya déning Arjuna, Prabu Salya madêg suraning driya dadi sénapatining kadang Korawa. Barisaning Pandhawa bubar pating balasar , akèh bêbanten, awit nalika samana Prabu Salya kêtaman Jemparing ngêtokaké ludira, tumètèsing ludira saka anggané Prabu Salya nuwuhaké kridaning aji Candhabérawa, sabên mati siji tuwuh sèwu buta bajang, satêmah prajurit Pandhawa padha gigrig lumaris saka pabaratan.
Prabu Krêsna mulat ing driya, yèn mungsuhé dudu tandhing sénapati pandhawa, amung siji sing bisa nandhingi krodhané prabu Salya yaiku titising Bathara Darma, ya sang Puntadéwa. Jalaran Candhabérawa iku uga ingon-ingoné sang Hyang Darma, barêng adu arêp karo Puntadéwa, yaksa bajang Candhabérawa mlêsat saka anggané Prabu Salya manjing nyawiji ana èpèk-èpèké Bathara darma, banjur makayangan.
Sapungkuré Bathara Darma Prabu Salya ilang otot bêbayuné tumekèng pralaya kêtaman aji Kalimasada.
Tancep Kayon…
sapi nggiring kali serayu, 20112012
Taklim kula katur,
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H