Wulan Mei tahun kepungkur dadi crita karoban sucining tresna kang sejati. Dedes kenya kang dadi kembang desa ana ing tlatah Kauman dadi salah sawijining crita zaman edan kagambaran kalatidha. Sujud saben wengi madep manteb ing karsaning Gusti dadi kawajiban deweke kang salah sawijining kawula kang taat .
Rikala ana ing salah sawijining papan panggonan pawongan kang butuh pepadhanging piker yaiku taman Krendhawahana. Dedes ketemu kanca lawas SMP, Sugito bocah lanang kang gede duwur bagus praupane jalari wong-wongan mau dadi abang-abang lambene wong sak desa ana ing tlatah Medhang Mulya. Sugito ugi taat manembah marang Gusti sak bendinane dadi guru TPQ ana ing kana.
“loh.. Dedes Puspitasari nggih?” ujar Sugito.
“Mas Gito! Kog wonten ngriki?” sumaure Dedes.
“iyo iki lagi ngeterake bocah-bocah TPQ wisata ana ing taman Krendhawahana kene, kae bocah-bocah lagi dolanan Bom-Bomcar, lha sampeyan kalih sinten?”
“wah, rame ya mas. Iki kula kalih bapak ibu mas, lagi bibar pengajian ana ing desa Klampis Ireng wonten yasinan kalihan ceramah runtin.” Dedes sumaur rada isin nyawang praupane Suguto.
“Mas gito, ayo mrika!”ujar salah sawijing bocah TPQ karo nduding plorotan kayu.
“nggih, ayo mrika! Riyen nggih Des!” Sugito nyekel tangane bocah mau.
“ooh, nggih mas” Dedes sumaur, rada durung katek jagongan.
Wang-sinawangan rerupan bagus lan ayu, dadi tombo kangen kanca lawas kang lajari welas. Nggugah tyas kang butuh welas asih saka sawijining Giyanto lan Giyanti kang diarepake dadi paneruse trah kaluarga sakloron. Sugito lan Dedes kang wus duweni rasa awit saka jaman sekolahe wus ditempukake maneh, jalari rasa kuwi tuwuh. Mung dadi rasa kang katinggal ing jaman ajali. Taman Krendhawahana mung dadi tetuwuh rasa kang wus kapendem suwe, nanging durung isa diikrarne marang wong sakloron.
Suruping Respati dadi saksi ikrare Sugito lan Dedes kang pengen ngancik-ancik dhaup walimahan. bapak Dahlan ora nyetujoni, amarga Dedes wus dijodohake karo anak e pak Lurah Dongkol kang dadi pamangkune desa Medhang. Nanging Dedes ora nyetujoni gegayuhane wong tuwane amarga Dedes wus ikrar deweke pengen bebojoan karo Sugito, amarga kukum adat kang ora bakal nolak kepinginan pamangku desa ndadekake bingunge Dedes karo apa kang kudu dilakoni. “saumpama aku nolak, keluargaku bakal entok sangsara, nanging aku ora seneng marang Bagus Cakrasana! Duh Gusti Jenengan tego kalih kawula alit niki” breses mili saka pandulu sinambi nyekel krambik pepaesing omah. Gegunem ana ing ati.