dening KH Abdurrahman Arroisi
Rasane ora ana wong sing luwih bodho tinimbang wong lanang setengah tuwa sing biyasane diundang Cubluk. Undangan iku merga saking bodhone. Ning ora ngrasa yen bodho. Dheweke ora gelem sinau kanggo nambah ilmu. Ora tau gelem ngaji kanggo ngurangi bodhone.
Saking sok miturute mring imam salat jamaah, nalika imam nggaruk sirahe, Pak Cubluk uga nggaruk sirahe. Malah nalika imam watuk merga lagi nandhang pilek, Pak Cubluk uga melu-melu wae.
Nalikane ing mesjid kampunge ketekan tamu muslim saka Ustrali, tamu iku menehi wektu kanggo nyritakake pengalamane mring jamaah masjid. Tamu mau ngomong nganggo basa Inggris sing ora isa dingerteni dening wong-wong ing kana. Kabeh ora ngerti merga gak ana sing njarwakake nganggo basa Jawa. Kabeh mung mbengong wae.
Nanging Pak Cubluk monah-maneh manthuk-manthuk ae sajak ngerti karepe. Jamaah ing sisihe takon.
"Kowe ngerti sing diomongake?"
"Ora." jawabe Pak Cubluk.
"Kok kowe manthuk-manthuk terus?"
"Aku ngantuk." wangsulane entheng ae.
"Semprul. Wong gak nggenah." sambunge wong ing sisihe Pak Cubluk.
Ora ngapa bodho wong dheweke kuwi sugih. Uripe cukup samubarang uga breh. Bojone loro. Sing siji enom tur ayu banget. Jenenge Hasanah. Dene bojone sepisanan gembrot, pesek tur wis tuwa. Jenenge Jamilah, sing artine ayu.
Taun kepungkur Pak Cubluk munggah kaji bareng bojone loro. Merga bodhone, Pak cubluk takon mring ustad.
"Apa sing kudu dakwaca? Aku ora isa maca sing angel-angel."
Ustad nyauri, "Ra sah bingung. Maca ae donga sapu jagad."
Lha kuwi sing dilakoni Pak Cubluk nalika nglakoni thawaf lan sai. Malah saking khusyuke, nganthi thawaf ing pasar seng saperlu blanja uga maca donga sapu jagad sing unine, rabbana atina fiddunya hasanah wafil akhirati hasanah waqina azabannaar.
Ning suwe-suwe bojo tuwane sing jenenge Jamilah muring. Karo njiwit bangkekane sing lanang, Jamilah ngamuk sing lanang.
"Kowe ancene ora kena diuntung. Aku iki bojomu sing njungkir njempalik ngrewangi kowe golek pangan nganthi sugih bandha. Ning mau kok sing mbok sebut-sebut ae Hasanah terus. Bojomu enom sing ayu. Nek aku ora mbok sebut ing dongamu, yen mulih bandhaku dakjupuk, terus pegaten ae."
Pak Cubluk bingung. Raine abang ireng. Dheweke rumangsa salah. Bojone tuwa, Jamilah, pancene sing sugih. Dheweke miung numpang. Mulane dheweke njaluk ngapura. Merga bodhone dheweke ngomong, "Wiwit saiki dongane dakgenti."
Akhire sing munggah kaji bingung krungu dongane Pak Cubluk. Ing ngendi-ngendi dongane dadi, rabbana atina fiddunya hasanah wa fil akhirati jamilah waqina azabannaar.
Dasar cubluk, bodho gak gelem ngaji. Dadine rusak agamane.**(Rusdi Ngarpan Suryapati)