Pepeling
Sakehing bangsa padha gumun
Endahing Nuswantara akeh kang  kayungyun
Gemah ripah loh jinawi
Barang kang tinandur mesti dadi
Ayo padha disyukuri
Dijaga dimen lestari
Amrih antuk barokahing Ilahi
Alam kang subur kanggo rakyate dimen makmur
Aja nganti kebanjur
Tumindak ora jujur
Nguja hawa laku korupsi
Ngrusak alam diekploitasi
Tanpa eling panerus generasi
Bangsa lan negara bakal rugi
Geguritan iki minangka pepeling
Syukur marang Gusti kang peparing
Jroning alas lan samodra
Gembol mas picis raja brana
Aja dirusak, kanggo nuruti hawa
Bebarengan dijaga amrih ngrebaka
Guyup rukun nunggal bangsa
Kanthi rasa ngandarbeni
Hangrungkebi mulat sarira hangrasawani
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI