Mohon tunggu...
Riza DianAP
Riza DianAP Mohon Tunggu... Editor - pelajar biasa

pelajar pengejar ridho Allah

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Dialog Bahasa Jawa

28 September 2019   15:15 Diperbarui: 28 September 2019   15:17 139
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

MANTU

     Sawijining dino ana kabar yen bakal mulih anak kang wus sawantara tahun ana ing manca negara. Kabar iku gawe sak isi omah bungah atine khusus e gawe bapak. Amergo iku moment langka, mulai bapak, ibu, anak-anak.e lan mantu- mantu ne podo repot nyiapake penyambutan gae anak bungsu iku.

  • Darto  : Bapak sedoyo sampun kulo atur. Ibu lan lare-lare pun kulo pasrahi tugas masing-masing. Bapak sak niki fokus mawon teng apalan kosa kata ingkang Rini wenehi.
  • Bapak : oh iyo le.
  • Astuti : Bapak sampun angsal pinten kosa kata.?  Yen bapak kersa ngapalake 10 kosa kata sedino, sewulan wis lumayan.
  • Bapak : Mboyak...! ra ngerti bahasa inggris ra patheken..! wong wis umur kliwat 60 tahun dokongkon sinau bahasa inggris mung gawe supoyo bisa rembug karo mantu

     Krungu opo jawab e bapak Astuti langsung meneng klekep. Sak banjur e Bapak nggremeng-nggremeng kelingan jaman biyen nalika ne anak e mbarep isih dadi manten anyar. Pas iku Astuti iku wong kang ora asli jowo. Iso disebut wong kang lagi mlebu jowo.

  • Bapak : yah mene sisihanmu kok gung mulih.? Biasane muling jam piro.?
  • Astuti  : dinten punika Darto lembur, Bapak.!
  • Bapak : apa.??(kaget)...dadi selama iki sliramu kulino jangkar marang bojo mu.??
  • Astuti  : ngapunten bapak, kula kesupen kabekta kebiasaan kuliah rumiyin.
  • Ibu      : nak Astuti, rak konco kuliah sa angkatan ta pak, dadi sok-sok lali. Rumangsane isih konco kuliah.

     Amarga kui Bapak nduwe pangarepan yen anak bungsune iso rabi karo wong jowo tulen. Nanging opo seng dikarepake Bapak ora bisa kawujud.

  • Anak R : Bapak kulo nyuwun pangapunten mboten saget minangkani gegadhanganipun Bapak.
  • Bapak  : ora apa-apa le, ora apa-apa yen pancen kuwi bokniyati. Ora liwat aku mung ndongakake supoyo uripmu mengko bisa tentrem ayem, lan kaleksanan apa kang dadi gegayuhanmu.
  • Anak R : matur suwun bapak

     Saiki wanita bule iku wes dadi sisihane anak ragil. Saka pendhapa omah, suwarane ibu, anak-anak, lan mantune rame podo ibut anggone nyiapake tekane uba rampe wanita bule iku. Sejatine Bapak ora sarujuk marang tangkepe anak-anak lan mantune. Bapak iku mikir yen "mengopo tekan e sisihane anak ragil iku perlu disambut koyok raja.? Kan wus dadi anggota keluargane dewe.?".  Liyane podo sibuk ngapalne bahasa inggris nanging Bapak mung nglirik buku lan kamus ingkang didamel sinau bahasa inggris.

  • Ibu      : Pak, bukune kok ora tau diwaos to Pak? Jane wis pira ta toefle-e Bapak iki?
  • Bapak : ah mblegedhes!
  • Ibu      : ah ngono bae Bapak ki kok duka.

     Krungu kandhane sisihane iku atine Bapak dadi luluh. Kadhang Bapak iku getun mergo omong kasar karo sisihane. Sisihane babar pisan ora tau rembugan kasar. Amergo iku Bapak ngalihake parembugan.

  • Bapak : saiki wus jam piro Buk?
  • Ibu      : jam setengah rolas, Pak. Mau jare pesawate teka Juanda jam sewelas. Mesthine sedhilut maneh teka. Juanda kene kan idek, rak mung 10km.
  • Bapak : sapa bae seng mapak?
  • Ibu      : Bagio karo Rini sisihane, mergo dheweke sing paham bahasa Inggris.

     Ora suwe wong loro iku krungu swara kendharaan mlebu latar, banjur langsung podo metu. Soko mobil metu wanita bule bopong anak cilik lan anak ragile.

  • Arjuna   : Ibu, Eyang Kakung endi, Ibu?
  • Jennifer : iku le, iku Eyang Kakung.!
  • Arjuna   : Eyang Kakung, Arjuna sungkem Eyang Kakung!
  • Jennifer : Bapak, sugeng Bapak?

     Krungu opo seng diucapkake dening menantu lan cucu ne Bapak njomplak kaget. Bapak njegrek nampani salam soko Arjuna lan bingung jawab pertanyaane Jennifer. Alon-alon satetes banyu metu saka mripat Bapak. Tembung "Bapak, Sugeng Bapak?" iku kuwawa jero ing pulung atine.

  • Bapak: iyo nduk iyo, oleh pandongamu...

     Banyu bening saka tlapukan mripat iku soyo deres. Bengine dionokne pesta gedhen-gedhenan gawe nyambut mantu lan keluargane.

  

Yoi maap

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun